Wayah wengi kaya ngene sinambi angon kebo koq dak rasakaké aku rada kesepian to ya…. Sinambi rengeng-rengeng ngrungokaké suara radio iseng-iseng nyekel telepon genggem, mikir kira-kira sapa ya sing pantes tur ora ngganggu menawa ana ing wayah wengi iki dak télpon, pengarep-arep kena kanggo kanca ngobrol.
Bareng wus ketemu salah sawijining kontak nang buku télépon genggemku, ketemu kanca sing pas yèn kudu dak hubungi. Sak banjuré dak pencét nomer kuwi, bener ora let suwé langsung diangkat lan keprungu suara. “Hallo, Selamat Malam” suara sing metu seka pesawat telpunku.
Langsung saknalika tak wangsuli, “Sugeng ndalu mBak, Punapa leres ingkang ngendika menika mBak Dwi…?”. Sambungku kanthi ukara pitakonan iku mau ndadekaké piyayi sing dak hubungi rada sengak lan muring nyaut suaraku. “Walah lagumu ki lho Mas, pera kaya sega dang kurang banyuné”.
Mula saknalika uga aku dadi ngguyu-nyengèngès krungu sautan suara kenya siji iku mau. “Piyé kabaré Wik, suwé ra ketemu rak ya padha apik lan séhat to…?” Pitakonku
“Alkhamdulillah Muji Gusti Kula saé Mas, mung iki rada akeh gawéan sing kudu dak gawa mulih amarga wis ra komanan wektu nang kantor jé iki mau”. Wangsulan sakterusé…..
Akhiré obrolan sèrius campur nggedebus isa rada nggawé kahanan sumpegku mbengi kuwi malih sumringah. Ngalor-ngidul anggonku ngobrol. Malah aku ya kudu isa ndadèkaké kancaku sing aran Dwi mau tambah semangat. Amarga ana ing wektu iku dhèwèké lagi ngrasa sumpeg nandang kahanan sing kudu diadhepi. Kejaba babagan panggawèané ana ing kantor ana uga kahanan keluarga sing gelem ra gelem kudu dhèwèké pikir.
Sepisan menèh wektu kuwi aku kudu isa kedhapuk lakon dadi wong tua, kudu isa “temuwa” anggonku mikir.”Dewasa” nek tembunge bocah saiki. Sebab aku gelem ra gelem ya kudu mbiyantu moral kanthi wicara sing kudu kaocap seka ing njero lathiku.
Salah sawijining ukara sing bener-bener dak éling-éling saka Simbokku mbiyèn dak patrapké nyang obrolan kuwi.
“Sing jeneng sedulur kuwi adoh mambu wangi yen cedhak mambu tai, lan awakmu uga kudu paham menawa sak kringkelan tunggal silit iku mesthi séjé anggit apamenèh séjé silit béda le ngringkel” Omongan kuwi nganti kewetu seka tutukku…
Amarga wis akrab dadi kanca aku ya asring ngomong marang dhèwèké, “Ana apa-apa kuwi kawetu wae, crita marang aku utawa kanca liya sing isa mbok percaya. Embuh ra kétang kanca mau ora isa mènèhi dalan padhang nggon pemecahane ananging sak ora-orané rak yo isa plong kawetu uneg-uneg seka jroning atimu mau to..?, Sebab kanca kuwi ya donga. Kancane akeh mesthi dongane ya akeh.”
Bali nang ukara ndhuwur, Aku oleh ukara kuwi mbiyen gek pas cilik-cilik ngumpul karo sedulurku kabeh. Kadang kala mung gara-gara sepélé waé isa njalari padha jothakan, kamangka sedhulurku ki yo ora akeh lho. Nanging wong pancèn dhasaré anaké wong ora nduwé, dadi yo mung amerga panganan wé isa ndadèaké crah. Pancèn ora kabèh sedulur kuwi kaya ngono, akèh sedulur sing apik seka cilik-piyik nganti tuwa-pikun.
Mula kuwi, simbok nate ngendika ngono. Adoh mambu wangi, cedhak mambu tai gampang diartèkke. Menawa adoh padha kangen-kangenan amerga ra tau ketemu, nanging giliran wektu cedhak padha jothakan. Dene sak kringkelan tunggal silit iku mesthi anggit isa di jlèntrèhké menawa tunggal peturon sak bobotan ana ing weteng sing padha biyungé (Ibuné) mesthi bèda sifat (anggit) apamenèh yèn béda baboné (wong tuwané), ya wis karuan béda sifaté to, séjé silit béda lé ngringkel mesthi ya béda anggit.
Ora krasa nganti pedhes kupingku ngobrol nyekeli télpon genggem kuwi mau, jebul wus siji setengah jam ngobrole. Maklum wayah wengi tur nomer télpon genggemé yo padha- padha seka tunggal layanan jaringan operator, yowis mesthi rada murah to mbayar pulsané. Ngobrol ngalor ngidul, nggedebus katerusake nganti sak suwene tabuh loro (rong jam). [uth]
Berbagi adalah Peduli...




























