trésna amarga tembang Jawa

Ora isa dijlèntrèhaké nganggo ukara menawa ana ing rasa lagi nandang wuyung iku. Wus akèh gambaran wong sing lagi tiba trésna bakalan lali sak kabèhané, pancèn nyata yèn ana ukara “trésna iku wuta” utawa cinta buta, Love is blind nèk bocah saiki ngomonge.

Rasa iku kaya-kaya yèn tak éling-éling, sing kaping pisanan aku isa ngrasakaké ya kira-kira pas umur-umuran telulas tahun, nèk ra klèru jaman semana aku isih sekolah kelas 2 SMP. Luwih pasé aku disenengi karo  piyayi wadon mbakyu kelasku.

Elek-elek kaya ngapa, nanging jaman semana aku isa rada gembèlèng amarga wektu iku kalebu bocah sing rada mletik utegke, anggonku sekolah oleh béasiswa, kejaba pancen aku ki mung anaké wong ora nduwe nanging anggonku oleh ragat gratis iku mau ya amarga olèh rangking.

Kèlingan jaman semana iku, saknalika iki aku koq ya banjur kelingan sakwijinéng tembang sing dak nyanyèkaké nang ngarep kelas pas sinau babagan sastra Jawa. Tembang Gambuh. Ya tembang iku njalari bocah wadon mbakyu kelasku iku mau kepati-pati mratélakaké ngendika ukara “trésna” nang ngarepanku.

Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tuka katali, kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon

…..

Embuh apa sebab-musababé, nanging ing tembé mburiné dak ngertèni kejaba seneng marang sliraku, pancèn dhèwèké mau gandrung tenan marang budaya Jawa kang awujud tembang.  Mula iku ing akhiré sakrampungé sekolah SMA dhéwèké nerusaké sinau sastra Jawa ana ing Universitas Gajah Mada

*****

Wus pirang-pirang tahun lawasé aku ra ketemu babar pisan marang kenya sing wis nate dadi sinisihaning atiku iku, koq mak-bedunduk (hihihi, basa ngendi ya iki)  kanthi sarana ndonya maya kang aran FaceBook dumadakan aku tanpa sengaja isa nemoni dhèwèké menèh. Jebul saiki dhèwèké wus kagungan sisihan, nanging sayangé durung diparingi momongan.  Ngobrol nggedebus ngalor ngidul nganti ra krasa sak suwéné setengah dina.

Sinambi bernostalgia, ana ing obrolan minangka “jumpa-kangen” iku aku isa olèh sethithik informasi babagan Seni tembang.  “Seni tembang ana ing kabudayan Jawa iku ngandut unsur-unsur èstètis , ètis, lan historis”, panjelasané marang aku.

Èstètis, jlèntrèhané tembang iku isa nyenengaké lan migunani. Nyenengaké pikiran kang lagi sedhih lan judheg supaya kahanané isa dadi adem ayem lan tentrem. Ètis, iku ngenani bab sopan-santun, tata-krama, unggah-ungguh, budi-pekerti, wulang-wuruk, wewaler-wejangan, Warah winarah,wudhar-wedharan, tata-pernatan, lan uga duga-prayoga. Déné historis, iku ngenani babagan sejarah. Ora sélak menawa sejarah iku uga dadi sarana minangka kaca benggalaning ngaurip.

Senadyan mung sethithik ukara sing isa dak rungokaké ana ing wektu iku, ananging isa ndadèkaké pengélinganku kebukak maneh. Jebul sejatiné akèh budaya adiluhung tinggalan piyayi sepuh mbiyèn luwih migunani kabanding sing dak duwèni saiki. Matur nuwun marang Gusti sing isa nepungaké menèh balung sing wus suwé pisah.[uth]

Nyuwunsewu, ngengingi babagan sumber gambar koq kula supe njih…

__________________________________

sampun nante dipun posting wonten ing mriki



Berbagi adalah Peduli...