klangenan manuk kutut

Mumpung lagi prèi anggonku jatah angon kebo, mula sedina iki mau aku muter-muter karo kanca pit-pitan turut ndalan nang cedhak komplèk desa sing dak panggoni saiki. Urip nang paran adoh saka tanah kelahiran lan adoh saka wong tua ndadèkaké kangening atiku. Dak coba njajah désa milang kori mlebu nang njeron désa sing durung tau dak sambangi sakdurngé. Pingin arep weruh saka cedhak kahanan penguripané sing diarani wong cilik, akèh bab sing isa nggawé ati iki trenyuh. Mesthi wis menangi rejaning jaman, ananging kasunyatan isih akèh sing durung isa ngrasakaké urip mulya, kecukupan sandang, pangan utawa papan.

Ketemu kadang kang lagi manggul pacul kaya-kaya arep menyang nang ngalas saknalika dak selakke wektu, medhun coba ngobrol sinambi ngancani dhèwèké nerusaké laku. Ngumbar cerita ngalor ngidul tumeka ing ndalemé. Puluhan tahun dadi tani-utun, buruh nggarap sawahé wong liya ing sak desané.Omah papan panggonané ya isih kayu tinggalane wong tua. Mung dak delok kok uripé tetep njélma lan nrima. Ora kemrungsung.

Ésuk-ésuk sakdurungé menyang nang ngalas isih disediakaké wektu kanggo ngurusi manuk kutut klangenané ndisik. Nambah panganné sing awujud ketan item, gganti banyu ombèn, lan uga digantungké kandang manuk iku mau nang teritisan omahé. Sak banjuré coba mertelakaké ngunjuk tèh nasgithel nang èmpèran. Nyamikanné téla godhok. Disambi uga karo udud téngwé, sinambi pisan-pindho methèti, utawa nyingsoti, sak banjuré katon marem yen manuk klangenané iku mau manggung sahut-sahutan, hur keteg kug kug kug. Yen wus ngéné, dhèwèké kétok marem banget lan bungah atiné, kétok mulya, kaya-kaya urip tanpa tanggungan. Mula, yèn menyang nang ngalas manggul pacul nglangkahé ya isa  gagah sinambi rengeng-rengeng nembang Mijil, Sinom, utawa Dandanggula.

Kanthi sebab mengkono iku, tekaning wayah saiki kebiasaan ngingu manuk kutut kapétung isih mbalung sungsum utamané kanggo wong Jawa sing isih isa diarani  Njawani. Kaya déné ngingu pitik kang kanggo adu, mancing, udud klembak menyan, nglaras uyon-uyon utawa campursari sinambi nyruput tèh nasgithel, masang wayang kulit idolané ana ing kamar tamu, lan sakpanunggalané. Ewandene ana uga klangenan sing kadang isa uga njurus nang nggon bab-bab kang ora becik, kaya to maén lan adu jago, ananging klangenan luwih saka iku isa dadi tamba rasa ngeluning ati utamaning kanggo wong njawa golèk lan nemokaké tentreming ngaurip ing ngalam ndonya iki. Tembung liyane, klangenan sakjane ora mung mligi kanggo kesenengan thok. Kejaba saka kui klangenan sejatiné  ya salah sawijining cara kanggo nemokaké  padhangé pikir, resiking ati, lan warasing jiwa-raga. Kanggo tuladha ing ndhuwur ya ngingu manuk kutut iku mau.

Kanggo piyantun  Jawa, uniné manuk kutut sing pancen rada beda tinimbang manuk liyane iku, ora mung katon éndah, lamun uga nentremaké, agawe adheming kahanan lan adheming pikir. Sapérangan ana piyayi sing ngarani yèn manuk kutut kalebu manuk kang ’’sakral’’, saéngga yen mateni utawa mbedhil manuk kutut iki isa diarani nglakoni bab sing “ora becik”, lan ngingu manuk kutut dianggep laku olah batin. Sebab iku pengakuan ajining manuk kutut ing Jawa kepara ora mung adédasar suara kang éndah, wujud kang ayu utawa bagus, lan lulut yen dicekel, ananging luwih saka iku ya nggunakaké pertimbangan spiritual utawa rohani. Isih akèh sing percaya yèn manuk kutut isa mènèhi tanda léwat macem-macem wicara  kahanan sing angèl kepikir lan kedetèksi akal-budi manungsa. Manuk kutut kayadéné wus dianggep sawijining jalma kang nduwe kaluwihan nangkep pratanda alam lan isa langsung dipahami wicara léwat pancaindera kanggo sing nggulawentah.

Mula ora nggumun yèn tumekaning dina iki isih akèh sing ngrumat klangenan awujud manuk kutut durung isa dikalahké karo ingon-ingon klangenan manuk liyané kaya to jalak, cucak rawa,  poksay, murai, kenari, lan sak panunggalané. Yèn ngocèhé jalak utawa cucak rawa amung mènèhi regenging kahanan, manggungé manuk kutut luwih saka iku. Mitosé mèh padha karo suara manuk gagak sing uga isa kanggo tanda  tekaning pati utawa bebaya. Semana uga suara manuk prenjak sing uga isa kanggo pertanda bakal tumekaning dhayoh sarta rejeki. Ewandene manuk wengi, kaya to kulik lan tu’u, kanggo pertanda ana jalma alus (hantu, demit, memedi) utawa maling.

Kasunyatan akeh klangenan sing ora kena disepèlèkaké, ananging uga klèru yen kebiasaan iku mung dibiji saka sak arah thok. Contoné, ngrumat manuk kutut lan ndeles suarané ora mung mligi kanggo golèk seneng, ananging sejatiné kudu kanggo mburu antengé pikir lan urip. Mènèhi aba marang manuk kutut uga mertélakaké sawijining cara komunikasi marang kéwan lan alam. Obahing manuk kutut ana ing kandangé isa uga dianggep kaca benggala. ’’Sapa kang nandur becik, bakal winales barang kang becik uga.’’ Mula, becik yen isih seneng nguri-uri kebiasaan klangenan iku.[uth]

gambar kapendhet saking mriki



Berbagi adalah Peduli...