Wonten alesan ingkang damel kula keukuh mboten pingin ngedaraken photo menika wekdal sedanten media pados gambar-photo KD lan Raul. Ingkang sepindah, urusan menika mboten wonten dampakipun wonten ing publik. Kagem conto, kasus korupsi, penyelewengan jabatan lan kekuasaan lan sakpinunggalanipun. Menawi KD utawi Raul menika terlibat kriminal utawi kalilit satunggaling kasus korupsi ingkang nglibataken pejabat, saged kemawon gambar menika kula edharaken. Anamung kagem persoalan pribadi, menika sanes ranah kawula.
Kaping kalih, komersialisasi industri infotainment sampun kelewat damel cuwa lan nggegisrisi. Bombardir pawartos ingkang dipun tayangaken bolak-balik dhateng setunggal kedadosan (waos:kasus) kok damel ati kula miris. Kosok wansulipun, masyarakat mboten pikantuk satunggaling kauntungan kemawonkejawi namung tontonan ingkang kurang ndidik.
Panci leres menawi gambar-photo menika namung dipun pacak wonten ing tabloid mboten badhe dahsyat kados menawi kapacak wonten ing Infotainment (pesawat Tivi). Anamung kula wastani badhe sanes akibatipun menawi gambar-photo jepretan menika dipun agem dening pihak Infotainment lan dipun pacak wicara bombastis. Menawi menika kedadosan mboten saged dipun selaki menawi kula ugi saged dipun wastani dados panyengkuyung komersialisasi…
Awit pawartos ingkang bombastis kita sedaya bakalan kesupen tembang-tembang ingkang dipun larasaken para sinden, kalebet KD. Bilih tembang-tembanganipun menika saged damel pelipur kita menawi saweg nandang tresna, duka-lara, tuwin mangayubagya. Kula mboten kalebet fans saking tembang-lagunipun KD, ananging menawi karaoke kula mboten badhe katinggalan nglaras kalih tembangipun KD, injih menika Menghitung hari tuwin Penantian.
Kula mboten nate getun geduwung awit gambar-photo menika namung dados bagian koleksi pribadi. Mesthi sedanten mangertosi ganjaran ingkang saged kula pendhet jelas mboten pikantuk punapa kemawon. Injih yatra tuwin popularitas. Kanthi sadhar kula milih menika, alesanipun mendasar sanget kagem kula piyambak, Kula pingin nyedhiakaken papan wonten ing dhiri ingkang wusananipun injih kula bagio wonten ing mriki: secuil ati nurani ingkang dereng mati. Kula pitados nurani mboten badhe pejah, menawi kita saged terus ngupayakaken.
Tanpa ngurangi raos duka ingkang lebet awit kahanan wonten ing tlatah Tanjung Priok, mugi-mugi satunggaling babagan alit saking kisah menika ngemu manpangat kagem sak sintena kemawon ingkang maos.
Yogyakarta, 15 April 201
Disclaimer:
Kula alih bahasakaken,
kirang langkungipun nyuwun pangapunten,
dene menawi badhe mirsani ingkang asli kula pacak ugi
wonten ing griya Multiply menika mawi Bahasa Endonesyah.
Matur sembah nuwun.
Dipun sumanggakaken ceklik playlist kagem midhangetaken tembang menghitung hari KD
*******
Wonten ing inggil injih saktunggaling cuplikan saking akhir bagian seratanipun mBak Bernada Rurit wonten ing FaceBook, ingkang kaleresan kula injih kalebet ingkang dipun TAG. Sakedhikparing informasi bilih mBak Rurit menika ngasta pedamelan dados Journalist (politik) lan lenggah wonten ing tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat. Kawula kepanggih piyantun menika injih wekdal makempal jumpa darat (lambe trocoh) wonten ing seputaran Mrican (wingkingipun Kampus Sadar, Jogja) – sumangga dipun ceklik link ipun!
Saking jroning manah katimbal kula supados nyalin/copy babagan menika sak sampunipun kawula ningali pawartas ngengingi Infotainment ingkang nyariosaken Publik Figur wonten ing ndonya hiburan bangsa kita, Krisdayanti.Kocap kacarios, wonten ing akhir wulan Desember tahun kepengker wekdal mBak Rurit pikantuk kesempatan kunjungan liputan dadakan adicara pengetan Tanggap-Warsa Panjenenganipun Presiden Timor Leste, Ramos Horta kanthi prakarsa Perdana Menterinipun injih menika Xanana Gusmao, mBak Rurit menika kagungan kesempatan kepanggih kanthi mboten dipun sengaos kalian Christine Hakim saha Krisdayanti. Lan rebat cekap, wekdal semanten dene piyantun sanes dereng wonten ingkang kagungan gambar menika anamung mBak Rurit piyambakan sampun kagungan gambar-photo antawisipun KD lan Raul L. Dene Raul L menika kasunyatan injih satunggaling Pengusaha ingkang asalipun asli saking Timor Leste.
Sanes kok kula sok tumut idealis (apa ta sakjane arti idealis kuwi…?), kula injih sakderma ngulas satunggaling sikap piyantun-piyantun ingkang sak mesthinipun kedah dados tuladha kagem masyarakat kathah anamung wonten ing wekdal menika justru malah kagungan watak lan lampah ingkang mboten ndidik. Kasunyatan mirsani babagan menika, pramila kita sedanten injih kedah pinter milah tuwin milih, pundi ingkang sae lan pundi ingkang mboten trep ing pranata. sebab mboten sedanten journalis kagungan ati-nurani. Kathah saking piyantun ingkang kagungan pedamelan journalist menika anamung dhuwit kemawon ingkang dados oorientasi. Badhe menika kagem kepentingan piyambak utawi kepentingan Company, sami kemawon…
Lan nyuwun sewu, kula kok mboten badhe ningali saking segi profesi Journalist kemawon. Toh kasunyatanipun taksih kathah malih kados ingkang kita sampun sami pirsani saking pawartos bilih para Punggawa Negari kemawon sampun ical urat isinipun, saengga ati-nurani nipun injih sampun susah menawi dipun kendalekaken.
Saking mriki cobi kita penggalihake satunggaling bentuk sopan-santun tuwin tata-krama ingkang kedahipun kita cepeng awit kita menika kacipta awujud masyarakat ingkang kagungan watak ndoya ketimuran identik kalian tata-kramanipun. mBoten dipun idinaken kita menika damel sakit piyantun sanes, mboten dipun keparengaken kita menika goroh, lan dipun anjuraken kita menika supados teguh wonten ing pemanggih, tetep lan teteg Imanipun.
Estu miris sanget menawi kita menika sami mirsanni salah satunggaling punggawa Bangsa ingkang awalipun nate ngendika MBOTEN anamung menawi sampun dipun usut ingkang awujud banda-donyanipun kasunyatan bilih kewiyak tindak apus-apus dhumateng warga alit ingkang kasebat Rakyat.
Estu damel cuwa awit para wakil rakyat ingkang awalipun teteg wonten ing prinsip ala lan sikap mboten santun, anamung menawi wonten kasempetan badhe tampil wonten ing ngajengan. Para wakil rakyat menika sami ngendika oposisi anamung kasunyatan padamelanipun nedahaken presisi.Ingkang kita betahaken wekdal menika kejawi piyantun ingkang kagungan ati sae ugi piyantun ingkang tegas. mBoten kagungan kapribaden mencla mencle – esuk dhele sore tempe.
Kanthi sekedik carios menika ingkang kita suwun mugi andadosna kita sedaya menika saged kadhidhik anggenipun mirsani tapal-wates ngengingi privasi piyantun asanes, saha saged nggadhahi sikap. Sampun sak pantesipun menawi kita ugi kedah paring pangapunten, anamung kados ta journal kula sakderengipun bilih definisi memaafkan menika mboten kok artosipun kedah supe…!!!, pramila ing pangajab saking bangsa ingkang pemaaf menika kita mboten ical sikap tuwin sikapipun. Dados tegas-teges mboten leda-lede punapa malih ela-elu injih kuwajiban…![uth]
_____________________________________________________________________________
gambar Illustrasi saking sisih kiwa dumugi tengen: Dab Yudhi-David, Dab Os, Dik Maniezt-Rani, mBakyu Siska-Griwut, mBak Rurit
Berbagi adalah Peduli...




























