Tlatah wus den pecak’i
Lakon wus den tindak’i
Ketiga kang ngenthang-enthang
Udan kang gumebyur…
Nora bakal Kabeh mau kapecak lan katindak
Langit kang kemlawe, bakal tambah ngawe-awe…
Mula kudu eling lan waspada
Nadyan akeh owah-owahan
Jalma manungsa amung dadi lakon
banda lan Raga Kagunganipun Kang Kuasa
Semono uga nyawa iki amung titipan…
Jalma nora liya kejoba ‘ngunjal mangsa’
Manungsa, Mapaning namung Sadrema
datan sira kumalungkung, Sapa sira sapa Ingsun…
Jalma iku yo bakalan kaurugan Siti
Mula padha mangertenana
kareben datan ajrih mring dhawahing pati
Sowan agung dhumateng Kang Murbeng Dumadi…
@. Idza Waqa’atil Waqi’ah, Laisa liwaq ‘atiha Kadzibah
=> Yen wus tumeka titi wancine, nora bakal manungsabisa selak utawa nolak
@. hubbud dunya wa karohiyatul maut
==> Kemaruk banda donya lan nora wedi ing pati
@2010, [uth] ~maztrie


















