Kridhanéng ati nora bisa mbedhah kuthanéng pepesthi [mbah surip]

Kridhanéng ati nora bisa mbedhah kuthanéng pepesthi [mbah surip]

gambar: celebrity.okezone.com

gambar: celebrity.okezone.com

Seratan menika kula ambali posting malih saking griya dagdigdug kawula.

Jagat seni kita nembé kémawon ketilar salah satunggaléng priyayi éngkang kagungan manah lan tindak mboten kumalungkung. Inggih menika éngkang asma Mbah Surip. Dipun wastani mboten kumalungkung amargi déné mBah Surip sampun  kagungan sedayanipun, nuwun injih éngkang awujud banda donya ugi keténaran anangéng sedayanipun mboten andadosaken blereng anggenipun mirsani ndonya menika. Taksih saget sesrawungan kaliyan sok sintena kémawon.

Pribadi éngkang kados mekaten sampun awis reginipun wonten éng njagat menika. Saget dipun aji séwu bandéng siji”.

Sinarengan kalian tilaripun mbah Surip menika koq kula dados kemutan salah satunggaléng wejangan éngkang sampun naté dipun paringaken sakéng piyayi sepuh kala rumiyén.   Kridhanéng ati nora bisa mbedhah kuthaning pepesthi, budidayané manungsa nora bisa ngungkuli gariséng Kang Maha Kuwasa”.
Ukara éng nginggél kalebet sampun dangu sanget mboten kepireng wonten éng talingan kawula.  Cobi badhe kawula lebetaken wonten éng pokok-bahasan penggedebusan wekdal punika. Kalebet satunggaléng puwucal luhur menawi dipun trepaken kanthi saé tuwin proporsional saget anyengkuyung tuwuhipun peradaban modern kados sakmenika.

Kajlèntrèhaken sakéng ukara éng nginggil menawi Kekajengan sakéng manah menika mboten saget ngelawan saking garis pepesthinipun Gusti, lan usahanipun kita éngkang kalebet jalma manungsa menika mboten awrat menawi dipun dangu supados nerak paugeranipun sakéng Gusti Kang Maha Kuwaos. Kanthi tembung utawi ukara éngkang  gampil injih menika “Titah kang kawantah menika namung saget tumitah, déné éngkang badhé anemtokaken mboten sanès kejawi Gusti Kang Murbèng Dumadi” .

Anamung sedaya niku wau mboten kok ateges kita jalma manungsa menika sampun mboten penting anggenipun pados pedamelan lan pasrah lumah asta kémawon. Saklajengpun taksih wonten bab éngkang èstu ugi kedah dipun udi, injih menika babagan ngagesang.  Memayu hayuning salira – memayu hayuning bangsa – memayu hayuning bawana. Injih menika kedah tetep teteg anggènipun ngudi kamulyanéng dhiri, kamulyanéng nagari, tuwin ngudi kamulyanipun ndonya.

Déné pérangan éngkang saklajengipun injih menika anggènipun ngudi ampun mawi sipat kesèt lan ogah-ogahan. Awit taksih wonten satunggaling piwulang  “sapa nandur bakal ngundhuh”.  Menawi nanduripun sregep mboten sélak menawi badhe mendhet panèn éngkang kathah. Anamung kedah dipun wastani mligi wonten éng mriki mboten ateges koq menawi nandur menika garis pepesthinipun badhe ngundhuh, anamung sedayanipun kedah kapasrahaken dhumateng Gusti, menggah kasil mbotenipun anggènipun ngupadi lan ngupaya menika wonten éng tembé akhir ugi kedah  “nrima ing pandum”. Kedah nampi jatah sepintena kémawon éngkang badhé  dipun bagèkaken sakéng Éngkang Murbeng Dumadi.

Sedanten piwucal wonten éng nginggil mboten ateges namung wonten éng sipat materi, anamung injih kalebet awujud religi tuwén morality. Kados éngkang sampun kapacak déning mbah Surip éng nginggil, tetep nrimah sinambi geglawat Gusti Allah injih kabukti mboten saré. Senadyan ta menawi dipun pirsani kanthi yuswa mbah Surip menika sampun ngancik sewidak tahun, ananging taksih dipun paringi rejeki éngkang mboten makinten-kinten cacahipun, awujud yatra kemawon dumugi milyaran. Ééé… anangéng éng wusana sak sampunipun mekaten ugi kedah anampi pepesthinipun Gusti, awujud Gariséng Pati. Kawiyak sedayanipun bilih “Lair Rejeki Jodho lan Pati amung aning Gusti…?” Babagan menika boten saget dipun sélaki malih…

Mugi-mugi kita sedaya saget sinau mendhet manpangatipun, menawi ujud pesugihan emas picis raja brana menika mboten badhe dipun asta munjuk sowan dhumateng Astanipun Gusti, Ananging satunggaling wujud pakaryan badhé mboten dioun supékaken.  Mbah Surip sampun paring tuladha dhumateng kita sedaya, menawi sedayanipun menika mboten sanès anamung kagunganipun Éngkang Maha Kuwaos.

Bandha donya sampun katampi wekdal taksih ngagesang wonten ngalam ndonya,  namung mboten dipun pikul tindak sowan dhateng NgaGusti éngkang Maha Gesang. Bènten sanget kalian langgam éndahipun, déné piyayinipun sampun tindak tilar anamung sedaya tiyang badhe setya nggendhong, tak gendhong kemana-mana, enak ta… manteb ta….”Pokoke ènèk énak, keénakan….. [uth]

I love You Full mBah…! haha haha…