Tilar becik utawi tilar ala menika ugi pilihan

gambar: okezone.com

gambar: okezone.com

Seratan menika kula ambali posting malih saking griya dagdigdug kawula.

Sampun dangu mboten seserat, wonten éng dinten-dinten menika kula ngraosaken kok kathah ontran-ontran éngkang adamel raménipun jagat kita. Takseh émut tilaripun mBah Surip lan mboten  dangu dipun susul kalian suwargi Om Willi a.k.a WS Réndra, sarta sakwetawis wekdal wonten gègèr éng tlatah Temanggung awit sakéng tingkah polahipun Noordin M Top. Déné éng wusana akhir éngkang kabukti lan kawiyak sanès Noordin M Top, ananging malah mboten nyana mboten nduga menawi éngkang pejah déning  bedhil aparat dènsus 88 injih menika lakon tindak bom wonten éng  Hotèl The Ritzcarlton lan JW Marriot, jenatipun Ibrahim (Bo’im).

Sakéng tigang perkawis éngkang  andadosaken tilar lan dipun pundhutipun piyantun-piyantun kasebat wonten éng nginggil saget kita pundhut ugi makna sedantenipun.

Wangsul malih dhateng babagan piwucal sakéng para sepuh rumiyén  biléh Lair, Rejeki, Jodho, lan Pati menikan anamung pesthinipun Gusti.  Mangga kita sedaya asesami menggalihaken babagan menika.

Èstu sekawan perkawis éng nginggil mboten sélak anamung pesthinipun Gusti éngkang nyepeng ngagesang kita sedaya, anamung saklebetipun kita dipun paringi gesang mboten sélak ugi menawi kita injih dipun paringi wekdal tuwin kesempatan kagem sinau, nyuwun wulang-wuruk  lan pungkasanipun menawi sampun gamblang wonten éng pikir kita saget nemtokaken pilihan gesang menika. Déné sesarengan kaliyan tindak wulang-wuruk wonten éng pikir menika, mboten kesupèn wonten éng saklebetipun manah tetep ugi kita lebetaken ngèlmu éngkang manpangat dhumateng asesami. Sakéng manah saget mbèntenaken pundi éngkang saé lan pundi éngkang mboten saé. Pundi éngkang manpangat lan pundi éngkang madharat, pundi éngkang damel untung utawi bathi lan pundi éngkang saget damel tuna utawi rugi dhateng sesami jalma.

Wekdal mBah Surip tuwin Om Willi tilar, kathah sanak-kadang tuwin sedherek éngkang ngraos kécalan awit kita sedaya sami pirsa menawi kathah tindak saé éngkang dipun lampahi déning mBah Surip tuwin Om Willi wekdal taksih sugengipun. Mboten ateges menika wau koq luput sakéng tindak klentu lan mboten saé, anamung ngèngingi kathah tilaranipun  éngkang awujud lagu (langgam) ugi seseratan sajak éngkang sanget mugunani dhateng kita sedaya.

Anamung saget kita bèntenaken awit sakéng tilaripun Ibrahim éngkang kapacak dados lakon teroris menika. Sampun sami kita pirsani sareng-sareng bilih kathah sedherek éngkang nyumpahi lan mboten kersa menawi tlatah kelairanipun dados papan pekuburan sakéng  jasadipun Ibrahim.

Mirsani kahanan punika wau mugi kita sedaya sami longgar lan jembar éng penggalih bilih sejatosipun kita sedanten menika sedhèrèk, senadyan manggèn wonten éng sanès tlatah utawi negari, senadyan mboten tunggil kulawangsa.  Awit sakéng punika, murih saged kadumugèn éng sedya kita, kita kedah nambahi éng karukunan kita lan purun ngrembag punapa éngkang dados kabetahanipun, jalaran menawi namung tansah cecongkrahan lan ngandelaken bèntenipun pemanggih utawi prinsip, mboten sèlak samangké temtu mboten badhé saged kadumugèn wonten éng sedya kita sedaya.

Nyuwun sèwu sakdèrèngipun Mboten ateges koq kula badhe numnjukaken saktunggaléng agami éngkang kawula runut, anamung  èstu mboten kajeng kula badhe paring pengaruh dhumateng sedhèrèk sedanten, bilih Babagan menika menawi kita telisik kanthi adhédhasar raos welas lan aséh saged kita panggihi wonten éng saklebetipun pitutur Kanjeng Nabi (Hadist) injih menika “Laa tadaabaruu wakuunuu ‘Ibadaihi ikhwaana” – “Aja padha pasulayan, ananging padha rukuna marang papadhaning kawulaning Gusti Allah, jalaran kabeh iku mau pada paseduluran”. Babagan menika ugi mboten tebih sakéng maknanipun Rohmatan Lil ‘Alamin. Nyebar Rahmat dhumateng ngalam ndonya menika.

Miturut dhawuh wonten éng nginggil, wigatos sanget biléh  kita sedaya dipun aturi supados kedah saged anjagi memitran dhumateng sak sintena kémawon. Kedah angagengaken paguyuban, awit saya agengipun paguyuban kita sedanten, mboten sélak menawi ugi  badhé tambah rumaket raos pasedhèrèkan kita sedanten. Kosok wangsulipun menawi kita sedaya sami thenguk-thenguk, mboten kersa njagi dhateng raos memitran lan pasedhèrèkan saèstu injih badhé renggang, lan dangu-dangu sayektosipun saged pedhot sesambungan.

Ngèngeti bilih kita para manungsa punika yektosipun sedhèrèk, pramila sakéng panyuwun saha  pengajeng-ajeng kita, kados pundi kémawon sagedipun sami netepi wajibipun sejatining  pasedhèrèkan. Kanthi angraketaken raos pasedhèrèkan menika mugi saged tuwuh raos reréncangan mboten memengsahan kados éngkang sampun dipun lakoni para teroris sak wau, déné samangke saged gesang kanthi aman-tentrem saéngga saged  nglantaraken kita dumugi  pejah ingkang dipun elu-elu para sedhérék ngagesang sedanten, awit gesang kita wonten éng ndonya menika sanget migunani tumrap asesami, kados ta punapa éngkang sampun dipun lakoni déning mBah Surip tuwin Om Willi menika. Lan babagan menika mugi saged kagem sangu kita wonten éng tembé akhiripun jaman samangké. Amien.

Mugi dados uninga kagem kita sedaya (utaminipun kagem kawula piyambak), saget kita pendhet  pengéling-éling bilih seda utawi pejahipun kita sedaya menika sakèstu injih wonten gandhèng-cènèngipun kaliyan tingkah-polah wekdal wonten éng ngagesang punika.  Kahanan seda injih ugi pilihan, badhé séda kanthi saé utawi badhé ngersakaken séda nggrentes. Wasana Sumangga….. [uth]



Berbagi adalah Peduli...