wulaning candra

wulaning candra

wulaning candra
gumebyar gawe rina aning wengi
tanpa ana rasa pangrasa marang mega
daTan culika mring pedhuTing ndonya

wulaning candra
prasasaT manjer rina
amung bisa dak sawang
daTan ana pangajab lan panggadhang
kairing rasa Tresna

wulaning candra
kayadene impening panjer rina
kumleyang dadi ayang ayang
adoh saka sungsang

wulaning candra
pandonga pamuji
kaunjuk ing tawang
siring wetan

Ilustrasi: mega


Sumangga dipun ceklik playlist menawi badhe midhangetaken..!