Anak polah bapa kepradhah, saka githok petananing sirah

Anak polah bapa kepradhah, saka githok petananing sirah kapacak dadi judhul ana ing artikel iki. Dina Anak Nasional biyasa dipèngeti ana ing dina  kang kaping telulikur saben wulan pitu. Ora sengaja ana ing ésuk mau aku  nongton Tivi déné ana siaran Bapak Présidhèn gawé sambutan ukara., yaiku babagan anak-anak utawa bocah-bocah cilik.
Menawa ngomong babagan bocah cilik kaya ngono, ora sélak  awak kabèh  isih nduwèni sipat kayadéné bocah, mbocahi istilahé.

Saka sipat kang mbocahi iku muga-muga awak kabèh isih duwé  pandhangan nyinaoni sipat saka bocah cilik, keakrabanné, kejujurané, keluguané, lan uga cita-citaé

 

Wektu aku isih dadi bocah cilik nate nggantungake nasib sak dhuwure langit.
Dene aku mudha lan dhewasa, aku isa ngayal, ngimpi arep ngowahi ndonya.

Kairing tambahing umur lan kearipanku, sing dak temoni jebul ndonya durung owah.
Mula cita-cita ku mbyen iku rada dak cupetke, dak putuske mung meh ngowahi kahanan negaraku.
Lamun jebule, tindak iku ya ora ana kasile.
Wektu umurku wus saya tuwa, kanthi semangat sing isih ana,
Dak putusake ngowahi kaluwargaku, lan para jalma ana ing cedhakku.
Amung, cilakane, kabeh mau nora ana kang gelem owah.. !

Lan saiki…..
sautara aku nglumbruk nunggu titi wancine tumeka, ujug-ujug tak sadhari:

“Menawa kang kaping sepisan  dak owahi awakku dhewe,

Mula kanthi andadekake aku  panutan, ora selak yen aku bakal bisa ngowahi kaluwargaku.
Sakteruse kanthi berkat  inspirasi lan sokongan kabeh kluwarga, isa dadi aku ya bakalan  bisa ngowahi negaraku;

Sapa ngerti, aku ya bakal isa ngowahi ndonyaaa!”

 

“Hasrat pingin berubah” [Anonim]

Minggu kapungkur pas aku lagi oriéntasi, wus diélingké manèh babagan baris-baris ukara ana ing ndhuwur.  Métani reroncéan ukara iku, hudu ukara kang ‘telat’ kanggo awak kabèh iki ngawali babagan obah-owahing awak, utamané nggon bocah cilik iki. Dadi makhluk kang dinamis ana akèh kemungkinan kanggo ngowahi kahanan awak, sing ka’arep hudu ngobah-owah kang ala. Amung sak waliké,  meski ana ing kahanan awak kang saya tuwa kasunyatan isih akèh  sing bisa dilakoni. Sak ora-orané saka awaké dhéwé. Ora sélak menawa wus kasil ngowahi kahanan awaké dhéwé mula ing tembé uga bakal bisa ngowahi  kahanan lingkungan sekitaré.

Yèn ngomong babagan anak, ana wewaler saka wong tuwa mbiyen yaiku  anak polah bapa kepradhah, menawa anak gawé ontran-ontran mula ana ing tembé mburiné ora sélak menawa wong tuwa ya bakal kagèrèt lan entuk akibaté.  Menawa anak nduwé tindak-laku kang ala lan ra ndalan mula wong tuwané ya bakalan oleh ukuman, aib, lan babagan kang isa dadi sangkrah. Sak ora-orané awujud seserikan saka tangga teparo.

Jaman wus berubah , kang jeneng démokrasi ya wus bola-bali kaprungu ana ing kuping. Ananaging mesthi ana ing kerangka démokrasi awak kabèh kudu mbukak mata, déné babagan ndhidhik bocah kuwi nora bisa mung mlulu dicekoki babagan keterbukaan, ana wejangan luhur saka budaya para wong tuwa kang isih kudu dipatrapaké.

Mungkin awak kabèh wus kadhung males menawa disuguhi pawarta kanthi embel-embel démokrasi, nanging kabéh mau ora bisa ditolak lan ora ana kuwasa sélak, kabèh ya kudu dèn pecaki lan dèn tampa kanthi kerangka “berprosès”, kayadéné bocah cilik, ora bakal dadi dhéwasa menawa awak iki ora gelem anglakoni prosès gelud, tiba, lan prosès-prosès bocah cilik  liyané. Kabèh iku ya prosès pembelajaran kedhéwasaan dhiri. 
Amung waè sing jeneng wong tuwa ana ing kènè  becik ora mung  nunggu dadi subject polah terus sakbanjurè wong tuwa kepradhah. Tindak démokrasi saka wong tuwa yaiku menawa wong tuwa bisa dadi  pradhah yaiku duwè sipat kelonggaran pikir, bisa nampa menawa anak ya duwè kamardikan berkembang, amarga saiki jamanè wus hudu jaman siti Nurbaya manéh.   Anak dicekoki ‘dogma’ kang ora liya ya mung bentuk kasombongan wong tuwa kanggo ajang gèngsi apamaneh pemuasan obsèsi.

Wus akéh sarana kang bisa dimanpangatakè kanggo alat ndhidhik bocah, kayadènè tivi, internèt, lan liyo-liyanè. Kabéh kudu di sinau karebén ora ketinggalan, nanging pesen para leluhur  ngenani babagan budaya ya aja dén tinggalakè. Negara iki pancén wus sugih sak kabéhanè, kalebu sugih pengalaman lè dijajah. Mula saka iku aja nganti awak kabéh bali dijajah manéh. Cara ngindarè isa kanthi ngaca marang awakè dhèwè, ngilo githoke dhéwé, muga-muga saka ngilo marang githokè dhèwè iki ing tembè bisa  metani sirahé dhéwé, gawè apik lan bebersih dhiri.

Sak wisè bisa  metani sirahé dhéwé kula raos pungsinipun tiyang sepuh injih dados sahabat anak badhé mboten manggihi kendhala ingkang awrat awit  tiyang sepuh sampun saged uwal saking raos égo-nipun ingkang (sok) mbiji bilih sedaya tindak-tandukipun tansah mboten wonten klèntunipun. Saking padatan menika badhé kaciptakaken kaleresan sikap tiyang sepuh ingkang dipun betahaken saking ingkang-putra, injih menika sikap  pradhah sanès kapradhah lantaran anak sampun kakèhan polah. [uth]

_______________________________________________________________________________________
sanès maksud nggurui, namung  satunggaling kahanan berbagi saking kawula awit mesthi kalair saking trah ingkang mboten gadhah rajabrana tuwin emas ndonya, matur sembah nuwun déné taksih kagungan tiyang sepuh ingkang mboten naté ngruda-peksa dhateng kekajengan putranipun, injih menika kawula (Berkah Dalem, sembah nuwun kaaturaken dhumateng  simbok, you are the best in mylife).


Sumangga dipun  ceklik  PLAY kagem midhangetaken tembang “timang-timang” menika..!

Ilustrasi Anak polah bapa kepradhah, saka githok petananing sirah kajupuk  saka kene


Berbagi adalah Peduli...