ketan, kolak, lan apem sarta padusan minangka isi pakèt nyambut syiam

Dinten menika injih pungasanipun anggèn kita sedaya nglampahi wulan Ruwah, artosipun wonteng ing mbénjing énjing kita sampun nindaki wulan ingkang kasebat Pasa.

Wulan Ruwah injih kalebet Wulan ingkang dipun anggep saé kagem saperangan piyantun. Dipun wastani wulan saé amargi wulan Ruwah menika injih wulan ingkang pas sanget kagem tindak wonten ing pasarèhanipun para leluwur kanthi tujuan kintun donga pangestu tuwin kintun sekar. Pramila injih asring sanget dipun sebata adicara menuka kanthi tembung “nyekar.”

Ngendika babagan nyekar pramila ingkang mboten saged dipun supèkaken injih babagan nyadran.

Wonten ing seratan kawula sakdèrèngipun sampun naté kajlèntrèhaken babagan nyadran menika. Gandhèng sampun kajlèntrèh pramila wonten ing seratan menika kula namung badhé berbagi dhateng sak saminipun jalmi ngengingi sekedhik ubarampeniun nyadran.

Uba-rampe wonten ing adicara gendurèn/kenduri èstunipun panci kedah nyedhiakaken dhaharan ingkang wajib ukumipun. Déné biyasanipun dhaharan ingkah ‘kedah’ dipun wontenaken ing adicara gendhurèn menika awujud  dhaharan ingkang gadhah arti-simbul  utawi perlambang. Satunggaling conto injih menika ketan, kolak, dan apem.

  • Migunakaken dhaharan awujud ketan amargi menawi kita pirsani naminipun, ketan menika saged dipun dèfinisèkaken kagem nyebat tembung khotan artosipun keklèntuan. Saking raos klèntu menika kita dipun èmutaken supados saged mawas-dhiri bilih kasunyatan tindak-keklèntuan menika amung saking badhan dhiri piyambak, sanès saking piyantun asanès.
  • Déné kolak kapacak saking tembung kholaqo ingkang nggadhahi artos “cipta”. Saking tembung kholaqo menika  pramila kasbeat ugi khaliq tuwin kholiq. Artosipun sinarengan kaliyan akhiripun wulan Ruwah menika dipun ajab kita sedaya saged raket anggènipun munjuk atur donga pamuji dhumateng Gusti. Munjuk atur donga menika injih katujokaken dhumateng leluwur, déné samangke saged dipun terasaken kebiasaan munjuk atur donganipun wonten ing wulan sak lajengipun.
  • Ingkang kaping tiga injih kasebat maeman awujud apem. Apem asal tembung saking Afwam utawi Afuan idéné artosipun panyuwunan pangapunten. Saged kajlèntrèhaken bilih wonten ing akhir wulan Ruwah menika yektosipun kita sedaya dipun paringi kalodhangan wekdal supados saged dados jalmi ingkang saged paring pangapunten dhateng asesami.

Mboten kesupèn anggènipun kita nglampahi akhir wulan Ruwah kapurih  nyambet dhatengipun wulan Syiam badhé dipun laksanakaken adicara  Padusan.
Pasa syiam ingkang  bakalan dipun tindakaken jangkep setunggal wulan ing ngajeng wonten ing sakperangan tiyang injih kalebet laku prihatin.  Déné syarat ingkang dipun tindakaken kagem piyantun ingkang badhe nglaksanakaken laku prihatin menika injih dipun wajibaken anindakaken laku adus banyu suci perwitasari.

Laku adus banyu suci perwitasari injih satunggaling tindakan siram migunakaken sari-patinipun toya ingkang sampun dipun sucèkaken mawi  donga.  Tujuanipun  laku adus kasebat mboten sanès injih kagem bebersih badhan sakdèrèngipun nglaksanakaken bebersih batin kanthi wicara laku prihatin.

Amargi Syiam Ramadan ingkang badhé kaleksanan saklaminipun sewulan ing ngajeng menika injih dipun anggep kalebet   laku prihatin pramila sakdèrèngipun ugi kedah dipun laksanakaken satunggaling persiapan  padusan ugi. Padusan menika wekdalipun injih setungal utawi kalih dinten sakdèrèngipun netepi kewajiban Syiam.  Déné papan panggènan ingkang kagem serana padusan menika saged wonten ing   sendang, kali, utawi wonten ing mbelik (injih sumur alit ingkang nggadhahi sumber toya bening).
Wonten ing papan panggènan ingkang sipatipun umum menika ugi dipun laksanakaken satunggaling ikrar kapandhu déning  sesepuh wonten ing kampung, menggah isinipun ikrar injih adamel antebing qalbu supados ngucapaken niat badhé nindakaken laku prihatos awujud Syiam wicara nyiramaken toya wonten ing adicara  padusan minangka sarana bebuwang rereged wonten ing raga menika.

Wonten ing adicara nyadran, nyekar utawi padusan menika bab ingkang saged kapendhet injih satunggaling swasana guyup-rukun. Sedayanipun saged lebur sesarengan lan  mboten mbèntenaken punapa ingkang dados keyaqinan ingkang dipun anut.

Tradhisi ingkang èstunipun saged dados inspirasi dhumateng sok sintena kémawon sesami ngagesang. Wonten ing mriki kaciptakaken satunggaling kesejatian bilih jalmi manungsa menika èstunipun sami wonten ing ngajengipun Gusti, mboten wonten satunggaling pérangan kémawon saking kita menika ingkang saged dipun agem umuk lan pamèr wonten ing ngajengipun piyantun sanès.   [uth]

ilustrasi: ketan kolak apem



Berbagi adalah Peduli...