Bunnan lagi wae pulang sekolah, crita enek koncone sing beda agama lan mesti wae ora poso, ditakani neng bunnan, “Kok nggak poso?”
jawabe koncone Bunnan, “Tuhan kita berbeda”
Banjur teka omah takon nanging, tak wangsuli, ” engko tak tanyane Maztrie, baca-en dewe.”
Tulung di bantu ya mas mbantu jawab pitakone Bunnan
suwun maztrie
____________________________________
Tamba ati iku lima ing wernané,
- Kaping pisan maca Qur’an Sak maknané
- Kaping pindho Sholat Wengi Lakonana
- Kaping telu wong kang solèh kumpulana
- Kaping papat Dzikir wengi ingkang suwé
- Kaping lima weteng iku kudu luwé
Salah sawijiné sapa bisa anglakoni, Insya Allah Gusti Allah ngijabahi
Wonten ing nginggil kapacak seratan saking (mBak) NonRèni, suraosipun injih nedahaken wonten panyuwunan saking putranipun ingkang asma Bunnan. Satunggaling pikurmatan amargi babagan menika koq dipun tangletaken dhateng kawula, kamangka kula niki njih sinten ta…? duuuhhh, Èstu menawi dipun tanting mligi namung cekak anggenipun tanglet ananging koq kula ngraos awrat sanget anggèn badhé njlèntrèhaken. (Kula cobi njih mBak Ren)
Menawi kita sedaya sami memuji dhumateng Gusti kanthi tembang Pujian Tamba-Ati kados kaserat ing nginggil, pramila saking tembang pujian menika saged kula pendhet gangsal perkawis ingkang dipun kersakaken dèning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi. Déné gangsal perkawis kasebat saged dipun wastani “manajemen persetujuan Tuhan” wonten ing ngagesang kita sedaya, sebab ngemu babagan pepéling dhateng sak sintena kemawon ingkang awujud jalma manungsa. Sedayanipun wau mboten sanès namung kagem keslametan manungsa piyambak. Déné Gusti Allah mboten badhe tuna utawi rugi koq menawi mboten dipun tindakaken perkawis-perkawis saé wonten ing nginggil.
Sampun dipun sebataken bilih ngendikanipun Gusti injih kasebat kanthi tembung firman, pramila saged dipun artosaken menawi firman njih aturan, déné ingkang kagungan aturan njih pihak Manajemen, saklajengipun ingkang ngatur injih dipun wastani Manajer. Gesang menika betah ragat tuwin beaya, mugi kanthi lega-lilaning manah gesang kita sedaya ugi badhé pikantuk berkah Dalem. Awit kita sedaya menika sejatosipun njih asal usul saking bayi ingkang mboten kagungan punapa-punapa ta…?
Raos Ikhlas èstu dhatengipun saking manah mboten saking penggalih. “Pawedaré wasitaning Ati”, sampun nedahaken bilih manah menika dhatengipun mligi namung saking Qalbu ingkang mboten saged mblénjani, kamangka ingkang saged mblenjani mboten sanès injih namung penggalih. Kagem tuladha injih Jabang bayi ingkang nembé kémawon keprucut saking guwa garbanipun sibu. Suwanten bayi njih mboten di damel-damel, punapa wontenipun…
Pramila sumangga kita sesarengan supados saged sak-iyeg sak-ékapraya anggènipun nata lan matrabaken suwanten qalbu lan ngéndar saking tindak ‘ameksa-angrumpaka’ (meksa dhiri wonten ing tindak), Kuncinipun injih sabar “Tinalaten rinuruh kalawan ririh mrih padhanging sasmita”. Saged matrapaken fitrah ngagesang bilih jalma manungsa menika mboten uwal saking kagungan gegayuhan kesaénan, trésna dhateng kaindahan, tuwin pados dhateng kaleresan.
Ngengingi babagan ke-Ésaanipun Gusti Laa ilaaha illallaah(kasebat Gusti Ingkang Maha Tunggal) kita sedaya (khususipun Umat Moslem) mboten sah répot-répot anggènipun menggalih label-label formal. Pokoke kudu terus berlaku jujur. Agami menika dipun turunaken wonten ing bumi kanthi alesan kagem nata lan ngatur titahipun jalma ingkang Tumitah ingkang sampun sami kebacut nerak paugeran. Pramila kita sedaya dados Umatipun langkung saé menawi saged kadhapuk dados pawarta ingkang saé. Mboten usah kita sami ngunggulaken lan kumalungkung, maksudipun kita ugi kedah saged kagem payung dhumateng sok sintena kemawon, mboten mligi anamung dhumateng réncang utawi sedhèrèk seiman . Mboten usah sok kados pahlawan ingkang kerinan sok mbéla bilih namung agami kula ingkang leres, agami liyan mboten pener…lan sakpinunggalanipun… Menika èstu mboten leres…. Pripun badhe dipun paringi biji ingkang saé menawi laku kita menika ngrendahaken dhateng (pemeluk) agami liyan.
Lakum dinukum waliyadin, kagem kula njih agami kawula, Kagem Panjenengan injih agami paduka. Wonten macem warna lan warni agami ing jagad menika, Dipun bébasaken kagem jalma manungsa injih milah lan milih sauger kekajengan tuwin kesaénanipun piyambak-piyambak. Pramila mekaten ingkang awujud agami njih wonten kathah, ananging tetep arupi asma AGAMI. (titik..!) Ingkang mbèntenaken namung keyakinan lan terapanipun. Modhèlipun ingkang bènten. Mila saking menika, mekaten ugi awujud GUSTI injih taksih sejalan kaliyan wujudipun agami wonten ing nginggil. Sami Ukara injih menika -GUSTI- ananging bènten versi-nipun.
Nyuwun gunging pangaksami bilih Babagan Agami tuwin Gusti saged kawula bèbèraken kados Sistem Pengoperasian Komputer - Windows Operating System ingkang dipun terbitaken déning Microsof. Taksih wonten piyantun ingkang migunakaken Windows 95, Déné sebagian piyantun sampun nggunakaken Windows 98 utawi Windows 2000… Lan mboten sélak menawi sakmenika sampun kathah ingkang migunakaken Windows XP ta….?!!. Jumbu kaliyan babagan keyakinan dhumateng Gusti, wonten versi-versi ingkang pas kaliyan jamanipun ugi cocok patrapanipun kaliyan jenis kemampuan saking piyantun pribadinipun piyambak-piyambak kagem nyikapi…
Pramila sumangga kita sedaya kanthi wicaksana sumadya ing manah tuwin penggalih kagem kesaénan sesarengan sami nilar lan nandur kerukunan dhumateng asesami gesang, punapa kémawon keyakinanipun. Ngupadi luhur ing pambudi jèr wonten ing tembé samangke pikantuk berkahipun Gusti. Matur Sembah Nuwun…[uth]
Nyuwun pangapunten, menawi wonten babagan ingkang mboten mranani manah tuwin penggalih sedhèrèk lan réncang kula sedanten…


















