Pancasila glegeré substantif utawa sistématis..?
Dina kasektèn Pancasila sejatiné nembé dèn pèngeti aning 1 Juni, sepuluh dina kapungkur. Ananging kok rumangsaku ontran-ontran limang werna kang kasebut Pancasila iku amung bisa dak weruhi ana ing sedina pas pèngetan kasektèn Pancasila thok. Kamangka wus padha dèn mangertèni menawa Pancasila iku ya siji-sijiné dhasar negara kang kuduné ora mung kapocap dèning tutuk , luwih saka iku ya ana ing hakékat.
Ngutip pangandikan salah sawijining priyayi kang dadi ahli ana ing babagan Filsafat, Romo Frans Magnis Susena, “dene kang utama ing Pancasila yèku fungsi implisit hudu fungsi explisit”. Artine Pancasila iku kudu dèn maknani kanthi tindaklaku nyata, ora mung wates kang wus tinulis utawa kang dirumusaké.
Tumindak miturut Pancasila iku ora mung kapacak liwat pidhato, ananging luwih dumunung patraban kang wus dèn lakoni ana ing tindak laku. Filosofi lan sistemisasi kang ampuh ora bakal ana artiné menawa babar blas ora ana tindak kasunyatan, kamangka tindak kasunyatan iku mau kang bakal dadi pawitan bisa nentremaké bangsa lan negara -kanthi ontran-ontran “Pemersatu” iki-
.
‘
Pancasila glegeré substantif utawa sistématis
Fungsi ‘pemersatu’ ana ing ndhuwur mèh waé ora tau keprungu kuping iki, kamangka ora sélak awak kabèh wus naté sepakat menawa para warga Bangsa Indonésia butuh Pancasila. Amarga amung kanthi pawitan Pancasila proyèk kang kasebut Indonesia iki bisa diterusaké. Temtu ana ing swasana sawiji, adil makmur, tata-titi-tentrem kerta raharja, lan mesthi wae kudu demokratis.
Ngrasa prihatin amarga pirang-pirang dina kapungkur akèh kedadèn para manungsa -sing ora sélak ya warga bangsa iki- padha gawé ontran-ontran ala lan tindak culika. Kanggo tuladha ya anané pengeboman, utawa tuladha nyata liyané yèku ana salah sawijining organisasi kang aran NII gawé adicara liya.
Yèn kudu mikir meneh, kang bisa dibiji saka kahanan mau sejatiné ora bisa uwal saka gleger kang aran Pemerintah. Amarga sikap tegas lan tegesing pamarintah wus sirna, kamangka wus sakmesthiné sikap tegas lan teges iku mau kudu dadi tindak nyata kanggo katentreman para warga. Ananing balik manèh, jebul kang bisa dèn sawang saka kabèh kahanan mau amung mandheg ana ing “wacana”.
Ngrunut saka pamarintahan jaman Prèsidèn Soekarno, ana ing awal ya pancèn wus netepké Pancasila dadi alat pemersatu, nanging ora kena disélaki saya-suwé jebul dadi gèsèr ana ing kapentingan pribadi utawa kelompok, yaiku katon ing gerakan ‘Demokrasi Terpimpin”. Semono uga jaman Prèsidèn Soeharto, migunakaké Pancasila kanthi tafsir organisme negara kang dilakoni bareng idéologi Pembangunan. Pancèn pembangunan ana ing jaman iku katon nyata berkembang, ananging kabèh perkembangan iku amung dadi muspra, ora liya amarga warga lan para punggawa negara iki lena.
Jaman Soeharto iku kang katon ana ing blegeré Pancasila wus ora dadi alat pemersatu manèh, Pancasila wektu iku malih fungsi dadi basis-represif. Wusanané sapa kang kritis pokal anggon nyuarakaké protès marang pamarintah utamaning marang bab kang ora adil utawa adoh saka gawé makmur langsung dianggep padha kaya-déné protes karo Pancasila.
Prosès pamarintah sedrajat karo Pancasila iku wus ra bisa disélaki menèh dadi winih thukuling réformasi-démokrasi bangsa Indonésia.
Wus sakmesthiné tindakan rèprèsif kang dèn lakoni para punggawa negeri iku akhiré dadi musabab thukuling rasa primordialis, disintegrasi, krisis kepracayan, lan lunturing toléransi. Cekak-aosé bab kang kaya ngéné iki asring diarani menawa “démokrasi Pancasila iki wus ora cocok dipatrapake dadi bahan pemersatu..!” Lah piyéé..? Ora ana liya, amarga sejatiné awak iki duwé sistém politik lan démokrasi ananging émané kabèh mau babar-blas ora dilambari kanthi penjabaran makna Pancasila dhéwé.
Ora isa sélak menawa pamarintah asring migunakaké permainan négosiasi katimbang prinsip kebangsaan. Jaré alesané “ngemong”, njupuk dalan tengah.
Lahhh, blaik tenan ta…!!!
Ya pancén sikap pamarintah mau sak klébatan katoné wicaksana, ananging aja nggumun menawa krisis kapercayan bakal nambah subur. Babagan iku kedadèn amarga amung kakèhan rembug, kamangka sejatiné para minoritas wus ora duwé hak awujud ‘pengayoman’ saka punggawa negara.
Ing tembé… menawa awak kabèh isih butuh Pancasila, bab kang kudu kepikir lan dèn upaya yèku maju tanpa ragu, bali manèh mring kautaman ide lan niatan mula-bukané digawé Pancasila.
Éwasemono Pancasila bakal bisa bali dadi dhasar kang bener menawa luwih utama matrapaké tindakan substantif marang kabèh warga, babar blas ora nindakaké babagan sistématis kang luwih manggon ana ing pamarintahan.
Wusana, tindak keteladhanan, kepemimpinan, lan praktèk politik luwih dibutuhaké kanggo kepentingan bangsa, hudu kepentingan kelompok. [uth]
_______________________________________________________
Gambar ilustrasi Pancasila glegeré substantif utawa sistématis kajupuk saka kéné
Berbagi adalah Peduli...































healah…
duwe simpenen tulisan keren gak omong omong…
pancasila…
1. gusti alloh pancen jomblo
2. sing adil gak duwe adab
3. mangan ora mangan asal kumpul dst dst…
maztrie™
dhe’este dhe’estenya kuwi apa jee…???
nek ra lengkap ngono arane ya Trisila hudu Pancasilaaaa…..!! #mrengut
keren tenan ik… aku setyo satuhu karo Pancasila loh
setya tuhune piyeee….?
wingi le ujian ngepek taaa…?