watak apa watuk

watak-watuk

watak-watuk

Dina kaping papat wus dilakoni ana ing wulan Syawal iki, ateges adicara Syawalan ana ing akèh papan panggonan uga lagi ramé ing gawé. Kejaba Panyuwunan pangapura, Silaturahmi ing antarané warga uga dadi tujuan kanggo mèngeti dina Riyaya iki.

Suasana kang kaya mengkono iku mau ya sing tak alami ana ing wayah prepegan dina Riyaya iki. Ana rasa seneng amarga bisa ngumpul karo sanak kadang utawa kanca, ananging rasa sedih uga dadi kembang kang ndadèkaké rasa trenyuh  ing ati. Guneman lan caturan kang manéka-warna iku mau dumadakan ngèlingake aku babagan tembung  kang wus suwé ora keprungu ana ing talinganku. “Makna ing antarané watak lan watuk, déné watuk iku bisa di golekaké tamba, ananging yèn watak ya amung ati kang bisa dadi sarana

Ngumpul karo sedulur, srawung karo wong akèh nuwuhaké pemikiran ana ing utegku. Jebul iki ta sing mbiyèn naté diparingaké marang aku saka Suwargi mBah Kakung minangka ukara kang biasané kawetu kanthi sanépa.

Watuk, kaya déné panjenengan sedaya mangertèni ya kalebu golongan penyakit flu sing biasané dadi kanca saka penyakit pileg utawa mumet sirahé. Watuk bisa dimangertèni saka suara lan uga kahanan jalma kang lagi nandang lan kaganjar penyakit iku mau. Sapa sing lagi nandang lara-watuk ya ora bakalan adoh saka tamba kang awujud jamu, obat utawa barang liyane  sing mesthi kudu di lebokaké ana ing badhan kang lagi nandang Lara watuk iku mau.

Watak, watak iki nora bisa dideleng nganggo mripat, amarga pancèn ora kétok-mata. Watak sajatiné ora kalebu penyakit, ananging watak kang ora dirumat ing akhiré ya andadèkaké dadi lan laraning ati liyan. Kabèh Jalmaning ngaurip iki nduwèni watak. Watak iku pancèn ya kalebu salah sawijining Berkah Dalem, Berkah Gusti. Ora amung ana ing Jalma manungsa, ananging watak uga milik jalma liya Ciptaning Gusti Kang Gawé Urip iki. Kanggo tuladha ya kéwan iku nduwèni watak dhéwe-dhéwé, ana kéwan sing galak nanging akèh kéwan sing alim lan manut, malah kasunyatan akèh kéwan kang alim lan manut iku mau dadi klangenané jalma manungsa.  Kejaba kéwan wit-witan uga nduwèni watak sing awaké dhéwé ya bisa meruhi.

Ing antarané watak lan watuk ya ora isa oncat saka kahanan kang dilakoni déning  jalma manungsa. Loro-loroné awaké dhéwé para manungsa iki iya uga nduwé, Ya Watuk Ya Watak…

Pramila wonten ing adicara makempal minangka mèngeti dinten Riyadin menika, sumangga kita sedaya sami ngupaya amrih kesaénan dhiri injih mboten sanès kejawi supados saé ing watak, bilih obat/tamba nipun penyakit watak menika mboten sami kalian sakitipun watuk injih mawi obat utawi jampi, anamung obat utawi tamba nipun injih saking manah pribadi piyambak-piyambak.

Sepindah malih kagem adamel watak saé, kula ngajak (utaminipun dhateng pribadi kula piyambak) sumangga kita sedaya sami ngupadi angleresaken manah kita sak saé-saé nipun ing pangajab tembé pungkasan samangké kita sedaya saged kapanggih saé sedayanipun, njih saé ndonya tuwin akhératipun. Matur Sembah Nuwun. [uth]

ino sungkem, no te-ha-er….