Tak lelo-lelo lelo ledhung [tembang]

Tak lelo-lelo lelo ledhung [tembang]

Tak lélo-lélo lélo lédhung,

cup meneng anakku séng bagus/ayu rupané,

yèn nangés ndak ilang bagusé/ayuné,

tak gadhang iso urép mulya, dadiya pria/wanita séng utama.

ngluhuraké asmané wong tuwa, dadiya pendékaréng bangsa.

Wés cup menengo anakku, kaé mbulanè ndadari,

kaya buta nggegilani, lagi nggolèki cah nangés,

Tak lélo-lélo lélo lédhung,

cup meneng ojo pijer nangés, tak emban nganggo jarit kawung,

yen nangés mundhak bapak bingung.

_______________________________

nestiKeprungu tembang dolanan éng ndhuwur iku langsung waé katuju pikiranku marang sibu (luwéh pasé saben dina aku nyeluk “SIMBOK” marang ibuku), kang wektu tabuh 3.00 wengi kaya aku nulis iki panjenengané dak pesthèkaké mbiyèn pas lagi iséh mbregas iya uwés wungu. Dudu tugas kantoran séng ateges butuh jadwal wektu kanggo nyambut gawé, anangéng sakmerga awujud tanggung jawab kewajiban piyayi wadon kanggo amréh cukupé kahanan kaluwarga, anak lan bojo.

Kapener tandang-gawé sabendinané  Simbok yaiku dagang ana éng pasar kang papan panggonané mesthi kudu pindah-pindah nuruti dina pasarané, ana pasar Pon, Wagé, Kliwon, Legi, lan uga Pahéng. Kabèh tandang gawé kang dilakoni iku mau aku yakin yèn dilantari kanthi rasa ikhlas tanpa ana rasa nggrundel apamenèh ngudarasa.

Akhér wulan kepungkur, sakjeronéng patbelas dina simbok gerah lan kahanané ngudokaké njaluk  dirawat ana éng Mergana (Rumah Sakét.) Amarga saka kahanan séng kaya mengkono iku mau mula tembé akhir ndadèaké pikiranku kudu bali mikér seka ngarep….

Pancèn sakjané abot tenan sejatiné tanggung jawab gleger kang awujud  simbok iku.

Kejaba tugas sabendina séng ora telat nunggu kanggo nyiapaké samubarang kaperluan wong omah-omah awujud kebutuhan mangan uga ngurusi kahanan ngomah, kang luwéh penténg yaiku kewajiban simbok awujud piwulang sabendina kanggo anak-anaké, kalebu aku. Kewajiban simbok sing kudu dadi panutan utawa Guru urép ana éng ngarep anak-anaké. Simbok ora liya ya sak bener-bener gleger séng sejanité pantes yèn kaceluk jalma kang kudu  digugu lan ditiru.  Yèn Simboké ana pangocap babagan kang kasar, bakalan anak metu pocapan kang kasar uga. Semana uga yèn Simboké nglakoni tindak kang ora kapuji, ora nutup kemungkinan anaké uga bakalan anglakoni tindak kang nyalapadi.

Kèlingan marang tembang dolanan kasebut èng ndhuwur kang aku dhéwé nganti sepréné nora mangertèni sapa sapa séng nyerat (penciptané), anangéng jebul akèh ngemu babagan kang ora kabèh uwong bisa nemokaké maknané. Simbok naté njlèntrèhaké babagan iku, mengkéné...

Tak lelo-lelo lelo lédhung, cup meneng anakku séng bagus/ayu rupane, yen nangés ndak ilang bagusé/ayuné,

Dikudangé awak iki saka cilik sinambi ditembangaké sawijinéng pengarep-arep saka wong tuwa. Ya, pengarep-arep supayané aja gampang mrembik-mrembik nangés, kosok wangsulé kudu ndang cepeta “cup” meneng yèn wés isa kasél ngetokaké bebuneg saka jeronéng ati lantaran nangés iku. Aja katerusan nuruti hawa tangés karebèn tetep teteg lan tetep kejaga nggoné nyandang manungsa kang apik bebudèné. (dibahasa’aké kanthi “ndak ilang bagusé/ayuné”).

Tak gadhang iso urép mulyo, dadiya pria/wanita séng utomo. ngluhuraké asmanè wong tuwa, dadiyo pendékaréng bangsa.

Sak wusé kasél anggoné mecahaké salah sawijinéng perkara, éng pengarep-arep mbésuké bakal nemoni urép kang mulya kanthi pawitan teguhéng ati dadi menungsa (pria/wanita) kang kebak tanggung jawab saéngga bisa ngeluhuraké asmanéng wong tua kekaléh sarta tenaga lan pikirané ya isa tetep kapiléh dadi satria kamulyan tumrapéng bangsa lan negara.

Wis cup menengo anakku, kae mbulane ndadari, koyo buta nggegilani, lagi nggoleki cah nangis,

Nora mung tekan kene waé yen anglakoni salah sawijinéng tandang gawé iku, embuh tugas ngenani kaluwarga séng kumudu isa anyukupi sembarang lér kebutuhané utawa tugas kantor lan negara kang uga bakalan dituntut tanggung-jawabé mbésuk ana éng ngarep Gusti, akèh godha lan coba séng ora sélak bakalan nemoni kahanan kang kudu diadhepi kanthi adol tangés lan panyuwunan marang Gusti.  Mula ana  tembang kasebut éng ndhuwur wés gamblang dijelasaké gambaran mbulan kang lagi “ndadari” laksana  buta séng medèni ujudé. Kamangka  séng sapa wongé kang ngganggu kesenengan si Buta iku bakalan dimusuhi, lan dhèwèké (Buta) ora bakalan mandeg nggolèki wong kang nangés mesthi kahanané nembé nyuwun  pitulungan marang Gusti.

Tak lelo-lelo lelo ledhung, cup meneng ojo pijer nangis, tak emban nganggo jarit kawung, yen nangis mundhak bapak bingung.

Pesen kang pungkasan yaiku supaya ‘tetap-teteg’, tetep pendirian ngadhepi sawijinéng godha lan coba kairéng  tembang kasih sayangéng Gusti “tak lelo-lelo lelo ledhung” ndang meneng saka tangés amarga wus di angeti awaké dhéwé kanthi lembaran “jarit kawung” – lembaran donga kekuatan (kawung) saéngga ilang bab kang mbingungaké katuju babagan kang andadèkaké senengéng ati.

Sakderma ndobos mangsalah tembang dolanan anangéng ngemu babagan pengarep-arep séng asréng banget di lagokaké déning simbok pas jaman cilék dhek rikala semana, muga-muga isa andadèaké manfangat utamané kanggo awakku dhéwé.

Kanthi lega-lilo lan ikhlas  kaocap matur sembah nuwun kanggo simbok séng banget dak trésnani lan uga nora ketinggalan ocap maturnuwunku uga marang kanca kabèh séng wus awujud Ibu lan remaja putri. [uth]