Golek dalan padhang ing Lindhu tlatah Padang

Golek dalan padhang ing Lindhu tlatah Padang
pict: herdy07.wordpress.com

pict: herdy07.wordpress.com

Dina Rebo soré telung ndina kepungkur udakara tabuh lima luwih limolas menit  langit ana ing tlatah kutha Padang, Sumatera siring kulon katon peteng. Ora kaya adat sabene, wektu iku dumadakan  geger kahanan nemahi sak kabehe jalma kang ana ing kutha Padang. Mung sak merga, LINDHU…

Bawana kang dina biyasané katon anteng adhem lan ayem tentrem,  ana ing soré iku oyeg lan obah, ora sak merga kekarepané jalma manungsa, uga ora amarga angin. Ananging (percaya ra percaya) kahanan iku mau ya amung owah-owahan saka ngalam iki sing awujud campur tangan saka Gusti. Mung kanthi nyebut Kun Fayakun, kabèh kahanan sing di keparengaké déning Gusti bakal kalaksanan.

Nyuwun sèwu, ora ateges tulisan tembung “Kun Fayakun” iku ngemu babagan kang ngguroni utawa ngajari, mung kanthi keyakinan kang wus naté diparéngaké mula bisa kapacak tulisan iki ana ing kéné.

Isih kèlingan ana ing wektu kira-kira rong-tahun kepungkur, kedadèan kang mèh padha uga wus naté dak sawang lan rasakaké ana ing tlatah Ngayogyakarta kéné.  Akèh korban ana ing kedadèan iku mau, ora waé amung awujud bandha ananging uga nyawa. Jalma manungsa padha pating glimpang dadi korban angkara. Sedih rasaku amarga kahanan iku mau, rasa trauma kadhang-kala isih asring tuwuh ing awak iki… :(

Ngaca ana ing kahanan kang kaya mengkono ora sélak  yèn ana tetembungan kang naté dak rungokaké menawa   Kridhanéng ati nora bisa mbedhah kuthaning pepesthi, budidayané manungsa nora bisa ngungkuli gariséng Kang Maha Kuwasa”. Kang ateges déné manungsa iki nora bisa nolak pepesthiné Gusti lan uga di usahakaké kaya ngapa waé yèn jalma manungsa iki ya mung sendika miturut dhawuhing Gusti kang Murbèng Dumadi, ora bisa luwih saka iku!

Tetembungan ing ndhuwur ana ing jaman saiki saktemené uga ora adoh karo istilah ukara-ukara sing asring dipocapaké déning  bocah saiki, yaiku “Man porpose, God dispose” utawa ana ing Basa Mlayuné “Manusia berusaha, Tuhan menentukan”. Jlèntrèhané ora adoh… Jalma kang awujud gleger manungsa iki bisané amung ngupaya, déné sing bakal nemtokaké ora ana liya kejaba Gusti Kang Murbèng Dumadi.

Kanthi tembung sing kaya kasebut ing ndhuwur mènèhi pituduh menawa awak iki ora bakal sélak mbésuk ing tembé akhir bakalan pasrah ana kersaning Allah, pasrah-Ngalah. Mula sumangga awak kabèh ora usah kumalungkung mung sakmerga ngèlingi ing wusana akhir bakal nemoni bebendu-pati, embuh iku bakal tumeka ana ing wektu mengko-sésuk-utawa suk embèn, ing akhiré ora sélak yèn awak kabeh bakal kapundhut Gusti. Becik kang prasaja anggon nggolèk dalan padhang saéngga nemu babagan becik kang bakal cumanduk ana awak iki.

Bencana ing tlatah Padhang bisoa nuwuhaké alam pikir kang wening lan nuduhake laku kang utama kanggo nggayuh suwarga. Ora amung Suwarga ing akhérat ananging ya Suwarganing ndonya iki kang awujud awak séhat lan kahanan kang tentrem. Wujud Suwarga ndonya kang Ora kumudu akèh banda-donyané. Amarga suwarga iku saktemené rak ya ora mung awujud papan panggonan, ananging luwih saka iku suwarga iku jlèntrèhané ya kahanan tentreming-ati… Ikhlasing-ati… Ora tuwuh rasa drengki-srèi uga mreki…

Kanthi amirsani kahanan prahara Lindhu ana ing tlatah Padang (Minang), mula ayo padha golèk dalan padhang , ya padhanging kahanan ing ati iki kanggo gawé tentrem urip kang bakal dilakoni, becik ana ing wektu iki utawa ana ing tembé akhir alam liya. Gawé dalan padhang marang sak padha-padha jalmaning Gusti saéngga bisa kapacak andhap-asoring lelaku, ayem-tentreming celathu, uga sayuk-rukuning bebrayan agung iki. Ora ana liya kejaba ana ing ngalam ndonya ngagesang, Kabèh mau uga kawantah kejaba kanggo sangu awak kabèh sowan tumuju ngalam wening, uga ana ing alam-langgeng ing akhérat sak mengko.

Ing wusananipun sumangga sinarengan kedadosan prahara lindhu wonten ing tlatah Padang menika kita sedaya sami aningkataken kepedulian dhumateng asami gesang, punapa ingkang dipun kagungi (kalebet donga-pangestu ugi pamuji Gusti) kita sumbangaken lan katujokaken  dhumateng para sanak-kadang tuwin sedhérèk ingkang mbetahaken ing pangajab sageda damel pangènthèng-ènthèng. Dènè samangké wonten ing tembé akhiripun saged tuwuh dalan padhang kagem kita anglampahi gesang wonten ing ndonya dumugi sowan kanthi patinipun Gusti.  Sedaya laku ingkang badhé kita lampahi kedah mawi adhédasar éling ing tembé mburiné. Salam Taqlim, Rahayu lan Matur Sembah Nuwun…[uth]