Uripé manungsa kaya uripé kelapa [kambil]

Uripé manungsa kaya uripé kelapa [kambil]
ilustrasi longsor (photo dokumen padang-today.com)

ilustrasi longsor (photo dokumen padang-today.com)

Nonton TV ana ing wektu iki koq banjur dadi njalari tuwuh rasa trenyuh, sedih, lan kadangkala uga ana rasa  jengkel. Kabeh mau campur  dadi siji ana ing jero ati. Trenyuh lan sedih amarga nyawang kahanan kang dialami déning sedulur warga Padang sing lagi nandang lara amarga kena bebaya uga bencana. Ananging rasa jengkel mung sak sebab saka tingkah polah para punggawa sing kuduné mikul kewajiban, jejibahan lan tangggung jawab njamin kesejahteraan para wargané.

Ramé-ramé crita gelut ing antarané cecak mungsuh baya, ontran-ontran  saka pokal gawé kang diarani wakil rakyat ananging malah ngentèkaké dhuwit sing kudune kanggo mulyakaké rakyat amung adhédasar alesan “pelantikan”, lan kang pungkasan ya sawanganku dikompliti kanthi tontonan donya perpolitikan kang lagi waé nganakaké tanggapan padudon lan udur ing antarane kandidat bakal calon pimpinan Parté Kuning. Sak rampunge tontonan mau bubar, mbasan dikonfirmasi pihak mas média wangsulan saka pihak kang udur iku mau ya mung cekak-aos, wacana-demokrasi.

Urip pancèn ora gampang, mula iku akèh babagan lan lelakon sing kuduné bisa dadi pengènget-ènget uga conto laku iki. Embuh iku laku-lelakon kang ala, apamanèh laku-lelakon kang becik. Prayogané kabèh wus kudu bisa dadi bahan tuladha. Amarga barang kang apik bakal nuwuhaké kasil kang apik, semana uga menawa nandur barang kang ala ora sélak yèn bakalan thukul bab kang ala uga. Urip mung sedhéla aja nganti amung muspra, rembug ora usah muter-muter mundhak dadi keblinger.

Bali menèh nyawang kahanan kedadéan ana ing tlatah Minang (padang) ing ndhuwur. Ana cacah telung (3) dusun kang nyata-nyata kurugan lemah, yaiku ana ing tlatah Padang-Pariaman.  Saka kahanan kang kaya mengkono iku koq  aku dadi kèlingan marang ngendikané Para Pini Sepuh kang wus suwé ora keprungu manèh ana ing kupingku.     Ngendikané  “Sing sabar lan tabah ya Lé! Pancèn wong mati mono ora kumudu urut umur. Ibarat kelapa, Akèh kang wus rontok wanci isih awujud manggar (kembang kelapa), semono uga ora sethithik kang tumiba wektu dadi bluluk, cengkir, utawa pas isih ketok ijo. Ananging ana sing jeneng kelapa iku bisa nganti thukul lan isih kukuh lan bakuh nemplek ana ing uwité”. Mula saka ukara kang di tuturké ing ndhuwur awak kabèh bisa ngarani menawa urip menungsa iki ya bisa di ibaratke kaya uripé woh kelapa (kambil).

Ana 3 dusun (kampung) kang kependhem, ora sethithik korban awujud nyawa kang wus nyawiji arupa siti (lemah). Ya jalma kang awujud bayi, awujud wong tuwa, utawa kang wus dhewasa. Sepira gedhéné daya lan upaya, sak rosa-rosané kaya ngapa, ananging kabèh amung titipan kang Maha Kuwasa. Bakal kapundhut ora peduli ing umur utawa wektu.

Kedadèan iku mau muga-muga bisa kanggo pengéling-éling awak kabèh menawa urip iki kena di ibaratké woh kelapa, kaya déné kahanan mara-baya utawa bencana, mula yèn Karepé Gusti Kang Akarya Jagad  iki pingin gawé rubuhing wit kelapa, ora sélak kabèh woh kelapa mbuh isih enom utawa wus tuwa ya bakalan tiba lan mèlu rubuh, ing wusana ora wurunga ya bakal ninggalaké urip ana ing ngalam ndonya iki.

Semono uga tumprapé wit kelapa kang ora kena bebaya, ya tetep bakalan tumiba wohing kelapa iku mau. Mung waé ana sing tiba pas isih dadi kembang, akéh sing tibané  ya sawektu isih enom kang awujud bluluk, cengkir utawa malah wus dadi degan. Ananging ora sethithik yèn disawang kang umuré kelapa mau bisa nganti tekaning garing tuwa.

Kanthi menggalih tuwin wang-sinawang sedaya kahanan ugi kedadosan wonten  ing nginggil menika wau pramila sumangga kita sedaya sami ngupadi adamel  pilihan kesaénan gesang ingkang kedah dipun lampahi, ing pangajab supados saged nglampahi gesang kados wohing kelapa ingkang taksih kenceng anggènipun cepengan sinaosa sampun thukul wujud wijining wit kelapa. Matur Sembah Nuwun… [uth]