Tanduran kang aran préng

bamboo

Pring...

Ngobrol nggedebus karo kanca kerja sak durungé menyang muléh dumadakan ana pitakonan séng kudu dak wangsuli. Ngrembug macem-macem manéka warna babagan omah. Ana éng wektu saiki wus langka banget aku nemoni bangunan empyak séng awujud blandar rèng lan usuk uga saka-penyanggané nggunakaké bahan saka préng.

Kapener pas dina kesepuluh wulan iki, aku ngumpul karo kanca ngobrol ana éng mulkipli critané nganakaké acara kopdaran, kapernah kanggo papan panggonan ngumpul ya ana éng ndesa kang aran Papringan, arah siringané Gejayan lan Mrican tlatah Ngayogyakarta Hadinéngrat. Éng tlatah kono ana macem-macem dalan kang diparingi jeneng nganggo macem lan jinés préng, ana préng wulung, préng petung, préng gadhing, préng apus lan sak panunggalané.

Yèn dipikér bahan kang awujud préng iku akèh macem kegunakané. Saka manfangat séng sepélé awujud carang kena kanggo gawé tali nganti tekan séng awujud macem-macem bahan bangunan uga kerajinan kaya to bèsèk, tépas, kalo, keré lan sak pituruté. Déné séng wus awujud oyoté préng iku mau yo iséh akeh kegunakan, contoné kena kanggo gawé penthongan.

Mula saka iku ana ing jaman semana préng kalebu wit-witan séng migunani arepa anané mung ngrembuyung ngiyom-iyomi lan gawé peteng kiwa tengené. Mula rikala jaman semana aku naté mireng ngendikané para pini sepuh babagan tembung kang ana hubungané karo préng iku.

Préng Wulung

Ngemu sanépa kang asal tembung saka “pulung”, sapa wongé bisa nemu pulung ya kalebu titah kang nemu kabegjan diberkahi déning Gusti. Kanggo conto kaya déné ana piyayi mèh kagungan krenteg golèk omah, anangéng yén durung diparingi pulung mula bakalan durung isa cocok lan sreg éng penggalih, giliran pas isa ketemu omah séng dikarepaké malah pas ora cukup butuhé ragat kanggo mbayari. Mula iku séng diarani pulung ya ngepasi karo séng dikarepaké lan cocok karo regané, uga ana ragat kanggo mbiayani.

Préng Apus

Dadi jalma iku ora pareng seneng apus-apus marang sakpadhané manungsa. Amarga yèn koq nganti kelakon anglakoni tindak ngapusi, mbujuki lan goroh ora sélak éng tembé mburi bakal ora béda kaya déné glegeré “pring apus” yaiku ora bakalan isa gedhe ujude utawa ana éng tembung liya isa diarani “kunthèten” (yén piyayi saiki ngarani kunthèten iku ya padha karo “cacingen”) lan mesthi akèh luguté kang nggarai gatel yen ngenani kulit.

Préng Petung

Saka tembung ater-ater “etung” mula préng iku diarani préng petung. Amarga pinter ngétung samubarang lér ndadèkaké préng iku mau bisa gedhé ujudé, akéh manfangaté, lan awét digunakaké. Anangéng kudu tetep éling amarga yèn kedadén kakèhan pétungan bakalan tuwuh sipat medhit, pelit utawa mreki. Kamangka nèk kakèhan pétungan iku mau bakalan kedadèan kayadéné pring petung sing wus keliwat tuwané. Susah di gawé bahan kang bisa dimanfangataké amarga wus ana sipat ngeyel lan atos.

Préng Ori

Ori bisa di jlèntrèhake seka tembung asal “uri”. Kayadéné nguru-uri kabudayan karebèn adiluhung mula uga kaya mengkono iku babagan tembung sing wus dikarepaké ana éng “pring ori”. Awaké dhéwé kabèh diprénggakaké supayané bisa nguri-uri kahanan urép kang bisa njaga marang ndonya sekitaré karebèn bisa tetep langgeng wujud lan rupané, padha karo rupa ijo ana éng préng ori iku, Bisa agawé adheming suasana, ora malah gawe abang mbranang bubrah éng tembé akhiré.

Préng Tutul

Rupa kang tutul-tutul ana éng kulit njaba préng mujudake manéka warna sipat préng iku. Dadi manungsa kaya sak awak iki pancèn wus tumitah akèh lan manéka warna sipat genep sarta ganjilé uga kekurangan lan kaluwihané. Séng kudu di waspadani ya sipat ganjil lan nepsu iku. Yen bisa ngatasi samubarang sipat kasebut éng ndhuwur, ora sélak bakalan dadi manungsa kang utama kayadéne wujud préng tutul kang isa kanggo gawé macem-macem alat migunani tumrap panguripan. Ya bisa dadi kursi, manfangaté bisa kanggo njagong nyèlèhaké awak, sarta isa uga  kanggo gawé gedhèk hiasan mupangaté gawé tambah éndah.

Pring Gadhéng

Gadhéng kalebu barang kang langka. Déné préng Gadhéng rupané kunéng lan wujudé cilik-cilik, anangéng akeh keguna’ané kaya ta kanggo kerajinan sapu, sulak, lan liya-liyané. Pancèn wujud préng mung cilék, anangéng bisa kukuh lan prengkuh kanggo garan sapu. Iku mau kena dijlèntrèhaké, menawa préng gadhéng iku kuat nahan bobot lan gedhé tekad. Gadhéng ana éng kéné ngemu asal tembung saka “gedhé ing”, mula sanépané yaiku arepa préng gadhéng wujude cilék anangéng tetep gedhé éng manfangat. Mula dadi manungsa kudu bisa njupuk ngèlmuné préng gadhéng iku, aja cepet lan gampang nyerah utawa mutungan amarga kahanan awak dirasa kurang gedhé yèn disawang glegeré. Saka kahanan iku mula menungsa kudu tetep nggunakaké weningéng pikiran kanggo ngatasi karebén tuwuh tenaga kang gedhé, ora gawé alesan merga awaké cilik njuk mutung ora gelem usaha.

Sethithik ngélmu nggedebus lan ndobos babagan préng séng wus tau dak ngerténi muga-muga bisa dadi manfangat kanggo awak kabeh utamané awak’ku dhéwé. Wonten usul lan pendapat migunani sakéng réncang sedaya, dipun sumanggakaken. Matur Sembah Nuwun. [uth]

gambar



Berbagi adalah Peduli...