Dina aku nulis iki iya dina kang kaping sepuluh ana ing wulan sepuluh. Mula ndadèkaké kèlingan sawijinéng dina perjuangan kanggo Bangsa Indonésia iki khusué arèk-arèk Surabaya, yaiku sewulan manèh bakal mèngeti dina kang nalika semana Surabaya iku dadi papan kanggo merjuangké arti kamardikan Républik iki.
Déné babagan iku bisa ngèlingaké aku uga marang gambar kang wus pirang-pirang tahun dadi Icon utawa lambang Kutha Surabaya, ya awujud Sura lan Baya.
Ananging rada lumayan béda critané menawa awak kabèh mirsani gambar kang kapacak ana ing ndhuwur, gambar Cecak lan uga Baya, katulis uga ana ing kono Saya Cicak Berani Lawan Buaya…!
“saya menyesal, kok masih ada orang yang goblok. Gimana tidak goblok, sesuatu yang tidak mungkin bisa ia kerjakan kok dicari-cari. Jika dibandingkan, ibaratnya, di sini buaya di situ cicak. Cicak kok melawan buaya. Apakah buaya marah? Enggak, cuma menyesal. Cicaknya masih bodoh saja. Kita itu yang memintarkan, tapi kok sekian tahun nggak pinter-pinter. Dikasih kekuasaan kok malah mencari sesuatu yang nggak akan dapat apa-apa” [SusnoDuaji]
***
Ukara ing siring tengen iya ukara kang dipocapaké déning Mantan Kabareskrim Bapak Susno Duadji ana ing awal wulan pitu kepungkur kang kapacak ana ing Majalah Tempo…
Yèn ngrujuk saka tembung kang dadi unèn-unèn cecak nguntal lo utawa timun mungsuh durèn, cetha banget menawa ora kena disepèlèkaké barang kang wujudé ambak-ambak amung cilik iku. Kanggo tuladha ya ana ing dolanan, pingsut mènèhi pratandha menawa gajah iya bisa kalah amung mungsuh semut.
Ana ing crita, baya naté kalah karo kewan kang aran kancil. Kedadèan ana salah sawijiné kancil kang nemoni kahanan sarwa kepèpèt sawektu mlayu saka kasunyatan sing ndadèkaké dhèwèké kudu tinggal gelanggang. Yèn mlayu mbalik bakalan cilaka, maju ketemu kali kang ora bisa den liwati, malah ana ing kono ana baya kang akèh cacahé. Mula para baya iku mau padha seneng atiné amarga bakal bisa mangan enak meruhi wujud kancil iku. Ananging kahanan kang kaya mengkono ora dadi pengalang-alang tumrapé si kancil, sebab si kancil wus bisa muter uteg yèn para baya iku bakalan manut lan gampang di kongkon syaraté angger ana babagan kang kanggo ngiming-imingi. Kahanan iku ora di siak-siak’ke déning si Kancil, malah kepara dadi kesempatan dheweké bisa nerusaké playu.
Marang kabèh baya si kancil pidhato, crita yèn dhèwèké lega-lila menawa bakalan kanggo bahan panganan para baya kabèh, “Hey para Baya! Aku lega-lila menawa kudu dadi lawuh manganmu, ananging aku kudu bisa ngetung pira ta kabèh cacahé kowé para baya kabèh, karebèn mengko bisa di dumdil-di adum adil- mula ayo padha manuta marang apa kang dak préntahaké, baris jèjèr ing wusana aku bisa ngetung kabèh cacahé saka pinggir kéné tekan pinggir kono!”
Ngadhepi kancil kang dirasa luwih cilik prawakané iku para baya padha lali menawa ana unèn-unèn “aja sira amung adu atosing balung wuleding kulit, lamun sira kudu migunakaké akal dudu okol” mula ta pungkasané si kancil kasil anggoné ngabur sarana lénaning pikir para baya iku mau.
Crita ing ndhuwur nuduhake menawa sejatiné gedhé badhan kang di duwèni para baya iku mau oradadi jaminan bakal nemoni kamenangan ing tembé akhir. Kabukti maneh sak wektu para baya iki uga kalah perang tanding mungsuh Ajisaka. Dhéwata Cengkar malah diuncalaké ana ing tengah-tengah segara malih dadi bajul putih, ananging banjur jebul malah ana pesen omongan saka si bajul menawa dhèwèké bakal tetep ngganggoni para anak lan keturunané Ajisaka.
Rada séjé gleger kang awujud cecak, senadyan amung cilik wujudé nanging kéwan kang awujud cecak bisa nggolek pangan dhéwé tanpa ngrugèkaké jalma liya. Cecak ora bisa mabur, ananging dhèwèké bisa nyekel lan nyandhak sarta nguntal kéwan sing ana sewiwi kang digunakaké kanggo mabur kayadéné lemut utawa laron.
Mesthi amung awujud barang kang luwih cilik, kéwan cecak ya pancèn ora bisa disepèlèkaké.
Yèn ngrujuk marang dolanan pingsut senadyan ta sing aran driji kang kanggo ngacung iku kedhudhukané kalah marang jempol lan jenthik iya kalah menawa kudu mungsuh driji kang kanggo ngacung, ananging gedhéné jempol iya bisa kalah yèn kudu mungsuh jenthik.
Ayo padha ditunggu piyé lakon sak banjuré ing antarané si Cecak lan baya iku, amung sing mesthi awak kabèh butuh bener lan tegas sing kudu dadi pandégané kamenangan. [uth]



















