Mugi budi bawa leksana. Bapak-bapak lan Ibu-ibu para birokrasi punggawa negara kang wus kasil njabat ana ing Lembaga Legislative kanthi suksès wus dilantik ana ing plataran Lubang-Buaya Jakarta yaiku rikala dina kaping sepisan awal wulan sepuluh iki. Mesthi bebarengan ana ing dina iku uga para sedulur sing kepener manggon ana ing ranah Minang lagi waé nandang sungkawa amarga bencana lindhu, ananging babagan iku ora dadi sebab mbatalaké adicara sing kasebut resmi acara kenegaraan iku.
.
‘
Limolas dina suwéné wus bisa di léwati awak kabèh warga negara Indonésia iki, embuh isih padha kèlingan apa malah wus padha kebacut dilalèkaké adicara pelantikan iku mau, amarga ketutup babagan kabar lindhu uga patiné para térorist, déné ana ing dina-dina iki yèn aku nyawang kahanan pawarta koq katon ramé banget para punggawa pemerintahan (lembaga executive) anggon ngrembug masalah kedudukan lan jabatan Menteri sing tugas utamané ya dadi jongosé Presidèn kapilih pas masa bakti tahun 2009 – 2014.
Macem-macem lan manekawarna kabar kang di wedhar déning sak akèhing mas-media nyangkut babagan pamilihan Menteri, ya media elektronik utawa media cétak. Saka kalangan Pengusaha, artis utawa para punggawa kang isih aktip mèlu njaga wutuhing falsafah Pancasila. Sajak jabatan Menteri iku kalebu jabatan kang di favoritké. Polah lan pikir rembug babagan rasa amanah lan uga fatonah gegandhèngan karo jabatan Menteri iku rasa-rasané kok mung muspra, sebab wus séjé tujuan lan sréngaté. Semata-mata amarga jabatan…..
Yèn kaya mengkono iku kok malah bisa andadèake katon cetha welo-wela, déné salah sawijining jabatan iya kebacut dadi barang iming-imingan ana ing ndonya. Adoh saka rasa Amanah uga fatonah
Salah sawijining ukara sanépa kang wus naté kasebut mbiyèn (amarga dipocapaké déning para pini sepuh) dadi kepikir manèh ana ing utegku “Jalma angkara murka”, utawa asring kasebut jalma mati murka, mujudake pepéling tumraping bebrayan Agung kang luwih becik disingkiri. Ngemu arti menawa wong sing tumindaké srakah lan murka mesthi bakal nemoni bebendu, kalebu ana ing njeroné yaiku para pemimpin kabèh, jalarantumraping pemimpin yèn nganti tumindak srakah, nguja hawa nepsu, tundhané ya mung bakal dadi mungsuhé rakyat. Ora mung sing tumindak ala waé, nanging kulawarga uga mèlu nanggung rasa isin, apamanèh yèn nganti ana kedadèan sawijining bab kewiyak déning pihak kang berwajib.
Kanggo ngawékani mau, mula ta diprénggakaké supayané anglakoni bebrayan agung ngendhalèkaké dhiri kanthi sabar – pasrah lan tawaqal, lan sing paling penting kudu tetep tansah nduwèni keyakinan menawa mbésuk ana ing kanané utawa ana ing akhérat kabèh pérangan bakal dèn adili déning Kang Agawé Urip iki. Sapa nandur bakal ngundhuh, sapa sing wis tumindak nalisir jalaran mung nuruti hawa nepsu ora sélak mengkoné ya bakal nanggung akibaté.
Nyawang kahanan kang kaya mengkono banjur kapan ta awak iki bisa mirsani kahanan kang dadi pangajab yaiku nduwèni rasa budi bawa leksana? kamangka sak temené Calon Wakil Presidèn iku ya wus kagungan asma Budi lho! Aku amung khawatir yèn mengko ing tembé mburiné malah koq ngendelaké tindak ngagol-agolaké aji mumpung utawa sipat adigang adigung adiguna. Amarga sing wus katon nang ngarep mata sejatiné akèh kang nepsu lan ngarep-arep jabatan Menteri iku mau.
Muga-muga kang dadi pengarep-arep awak kabèh, Bapak Presidèn kapilih lan sing bakal dilantik mbésuk bisoa milih para punggawa kanggo mbiyantu tandang gawé kang kasebut Menteri iku mau kanthi tliti lan setiti uga ngati-ati. Aja nganti milih piyayi kang lali purwaduksina, mbeneraké laku kang sejatiné angkara-murka saéngga bisa kalaksanan Negara Kang tata ing wusana tuwuh bebrayan agung mbudidaya amrih bisa nyingkiri sifat-sifat ala. Déné pungkasan bakal bisa kalis lir ing sambékalasupayaning tuwuh rasa tata titi tentrem kerta raharja anggoné urip ana madyaning pasrawungan . Amien… [uth]
__________________________________________________
Gambar mugi budi bawa leksana ingkang kapacak dipun pendhet saking detik
Berbagi adalah Peduli...





























