Maca tulisan kang diserat déning bocah cilék umur-umuran kurang saka limolas tahun gawé mèsem ngguyu lan anyel éng atiku. Iku nembé waé wingi dak temokaké ana éng omahé mbah Mulkipli (nuwun sèwu sengaja ora dak wènèhi jlèntrèhané link). Sakjané mbasan wus diparingi ngerti, jebul iki ki putri saka salah sawijinéng kanca kontak mulkipliku iku, kang asma Mas Anang. Kaya mengkéné cara Jawa éng ukara-ukara iku…
halo, sebut jenengku *in. sugeng rawuh ana éng pikiranku (????) ana éng kéné prakanca meh diajari cara nulis, maca, lan sakpituruté. Nangéng melas banget, kabeh iku mau mung mbujuki/ngapusi
. aku seneng nggambar, nggambar apa waé. nanging melasé aku ora bisa. Dadi aku nggambar bolah ruwet wae. Aku nduwe acc nang twitter. nanging aku isin mèh mènèhi jenengé.hehe.aku uga seneng mangan, ngrungokaké langgam lan dolan karo kanca. ohya, prakanca ngerti, péso iku mbebayani banget menawa kanggo dolanan! beneran! aku ora gawé-gawé! aku uga nduwé bapak. bapakku item lan bréngosen, persis dodol séng diwènèhi rambut. Nanging bapakku ora dodol kok yaa.. senadyan kadangkala dodol ningo ora kebangeten koq. bapakku njabané waé kaya ngono ningo sakjané nduwèni ati tessy *ati kang apik, HAHA imitasi banget*
uwis ah kedawan..kamangka iki rak dudu blog -___-
_____
Katon lugu banget ukara éng ndhuwur iku kapacak. Lakon bocah cilik kang durung ngemu rasa pamrih lan duwé milék. Bab iku andadèaké aku kèlingan marang apa kang naté dak waca. Ana salah sawijinéng pepéling saka Imam Al Ghozali, “Yen sliramu péngén dadi sutrèsnanéng Gusti Allah, mula owahana sipatmu iku kayandéné bocah kang iséh cilik..!”.
Pancèn kasunyatan, ana éng watak lugu bocah-bocah iku iséh akèh banget sipat kang bisa dadi tuladha. Kayadéné ngendikané Khilafah ing ndhuwur, éng kéné dak coba nulis sethithik perkara kang muga-muga waé bisa dadi uninga marang sak awak kabèh.
- Kaping sepisan, bocah-bocah ora bakal ana rasa ketar-ketir mikir panganan saben dinané. Asréng banget awaké dhéwé ngrasa ketar-ketir mikér rejeki séng bakal diparéngaké saka Gusti. Kamangka sejatiné Gusti Allah wus njamén rejeki kabèh kawula iki. Kadangkala ati iki asréng banget nduwèni rasa kurang, akibaté tuwuh kepinginan kang ora ana entèké wusana ora bakal kaocap rasa matur nuwun marang rejeki kang wus diparingaké déning Gusti Allah.
- Kaping loro. Wektu bocah nandang lara, dhèwèké ora tau nduwè tembung nggrundel lan nggersula ana éng sakjeroné awan utawa mbengi…Rasa lara uga asréng banget didadèkaké rasa nggrentes kang tembé akhiré nglantaraké awak iki dadi ilang rasa Syukur marang Gusti sing wus diparéngaké pirang-pirang tahun kepungkur, dadi lali sak kabèhané.
- Séng katelu yaiku Loma, Bocah cilék yen nduwèni panganan kang awujud apa waé dhèwèké mesthi mbagi utawa nawani….. Bapak kersa…?! Bocah-bocah ora naté mikir bakal kekurangan mung amarga jatahé dikurangi kanggo dibagi marang sak padha-padha. Urép utawa dolan bareng luwéh penting lan dadi bagian lakuné katimbang urip dhèwèkan.
- Kepapat, Ora ana rasa dendam éng antarané. Wektu dolan lan srawung bebarengan wus lumrah yèn bocah-bocah ngumpul padha jothakan, nanging ora naté sak kloron séng mau jothakan iku banjur ora omongan utawa ora srawung éng wektu sak uwisé. Babagan iki kena dipirsani bédané yen awaké dhéwé sing wus cukup umur iki nemahi kahanan kang padha. Apa réaksiné..?
- Kang Kalima, Bocah cilik mesthi wedi marang anceman kang di tujokaké. Bakal nangés tobat lan kapok kepati-pati.
Nèk séng iki beneran rada nggenah anggonku nggedebus, babar blas ora mbujuki senadyan tetep ndobos, tenan iki nora ngapusi koq. Mangga sami dipun penggaléh mugi ngemu kathah manpangat. Matur Sembah Nuwun… [uth]



















