Mendem kahanan iku iya tetembungan kang kayané pas lan bisa dak rasakaké menawa aku nyawang para warga kang urip ana ing ngalam Indonésia iki. Mendem kahanan kapacak jalaran lelakon iki kok babar-blas ora gawé wong cilik atine bisa tentrem sarta ayem.
Ana waé kedadèn, siji durung rampung wus kasusul déning kedadèn liya, nawur wuwus. Perkara bisa dadi tumpang-tindih ra karuan kang wusanané malah ora nggenah tanjané.
Nyawang perkara ngenani Bank Century durung rampung, wus nyusul Anggara-Anggada lan Susno Duaji. Durung kecandhak praharané jebul wus ditabrak perkara Gayus, Gayus Tambunan durung bubar wus ditambahi Nazaruddin. Géné saiki Nazaruddin mbuh nguap nangendi, malah wus kebukak manèh babagan Nunun Dorojatun. Nunun Darajatun ditangkep bojone kang aran Adang Darajatun nembé ngocèh, lah wingi-wingi nyangendi priyayi kang wus naté dadi pejabat Polri kuwi..?
Senadyan wus mblenger, ananging isih waé awak iki dijejeli perkara sakwisé Sondang Hutagalung ngobong awaké ana ing sakngarepaning Istana, yaiku kerusuhan belèh-belèhan gulu manungsa ana ing Mesuji, Lampung. Cacah telungpuluh luwih nyawa mati tanpa alesan kang bisa di jelaské.
.

- Ngalamun mendem kahanan
‘
Yèn dak èling-èling anyelku iki saktenané ya mèh padha. Kapisan merga akèh punggawa lan birokrasi kang mung meneng waé menawa dirasa kahanané nguntungna awak pribadhiné. Déné kira-kira wus ngrasa kepojok lan mèh kewiyak wadiné nembé dhèwèké nyuwara, persis kayadéné lelakoné si Adang Darajatun ana ing ndhuwur.
Kahanan liya kang gampang diwaca iku dèn pituduhaké déning padatan sok dadi “nandang gerah”, sayangé anggoné nandang sakit iku mau amung menawa wus dadi pesakitan ketangkep aparat sarta pas kudu ngadhep para pengadil negara.
Kadhangkala saking anggonku mendem kahanan iki wus akut dadi malah kepikir, apa ya para koruptor iki pas ketangkep sekalian kudu diparingi pil anti-sakit apa ya..? Ananging njuk nyangendi sing dodolan pil anti-lara kuwi..?
Hemmm, mendem kahanan iku iya lakon kang nembé dak rasakaké sawektu awak iki kudu nyemak siji mbaka siji kabar pawarta. Wus ra kurang cara anggon lèh nginggati, ananging kok ya tetep waé weruh kahanan iku. Sakjané ya ruwet, amung akhiré aku kang kumudu sabar, jalaran kepiyé waé kahanané aku ya kudu mawas-dhiri menawa pancèn kaya ngéné iki kahanan negaraku.
Ahhh, embuh iki nuwun sèwu para sedhèrèk kok ya tulisan journalku iki mèlu dadi mendem lan mumet, amarga ora ngerti jluntrungané. [uth]
____________________________________________________________________________
Gambar illustarsi Mendem kahanan kajupuk ana ing Malioboro-Jogja sawektu adicara Jogja Java Carnival 2 wulan kepungkur
Berbagi adalah Peduli...





























wis ra cetha kabeh…
hihii..

kandhani mendem kahanan owkkkk…
jane sing mendem ki sapa ta? wong-wong sing kosebut ing tulisanmu kae to jane?
Aishembuh kang, aku isih mendem iki… Aja sampean takoniii…
meh tuku pil anti mlemarat tinimbang pil anti sakit…..
Sing dodolan ngendi yaa…? aku tak melu nempilll…