Bank Mandiri lan BCA

Mandiri lan BCA kalebu Bank kang gedhé ana ing negara Indonésia kéné. Ana kabar sing dak rasa becik tur nyenengaké ngéngingi babagan Bank loro iku, yaiku dadi sak kloron Bank kang ana ing tahun iki bisa nyawiji anggon nggulawenthah mesin sing aran ATM.

Tembung ATM  kedadèn saka singkatan Anjungan tunai Mandiri,  yaiku mesin kang bisa digunakaké kanggo transaksi saka  dhuwit kang kasimpen ana ing Bank. Menawa ana ing wektu-wektu sakdurungé antarané Bank Mandiri lan BCA madeg dhéwé-dhéwé, mula ana ing tahun iki lan sakterusé ATM Bank loro iku bisa digunakaké antaraning siji lan sijiné. Déné istilah modèrn reruntunganing Bank loro iku mau bisa diarani bersinèrgi.

Sinèrgi antaraning sak kloron Bank iku ana ing wektu wingi wus diresmèkaké. Ora tanggung-tanggung kang ngresmèkaké yaiku déning penggedhé Bank Indonésia, Pak Darman Nasution minangka Gubernur Bank Indonésia.

Sinèrgi iku akèh gawé senenging ati amarga bab iku bisa nepisaké  dakwa “persaingan ora séhat”  sing wus naté  katenger antara Bank Mandiri utawa BCA. Bank Mandiri ngunggul-unggulaké menawa dhèwèké  kalebu Bank kang ana ing ngisor naungané BUMN, déné BCA  bisa  jumawa amarga  ngeklim  menawa dhèwèké iku kalebu Bank swasta kang bisa madeg-maju  tanpa campur tanganing pamarintah.

.

Anjungan Tunai Mandiri (ATM)

Minangka dadi wong cilik  sing mesthi awak kabèh ya bisa ndhèrèk mangayubagya sebab ana telung perkara kang disawang bisa nguntungaké.

Kaping pisan, awak kabèh bisa seneng amarga bisa migunakaké  akèh cacahé ATM kang sumebar.

Kaping loro, Mandiri lan uga BCA bisa ngirit béaya amarga ora kumudu terus-terusan saingan gawé sarta mbangun layanan ATM. Jalaran saka iku ora sélak menawa imbas marang awak kang dadi nasabah mbésuké ya rada di ènthèngaké saka beban biaya kang membengkak.

Kaping telu, hudu bab kang mustahil menawa bunga krèdhit bisa mudhun minangka  konsekuensi saka prèstasi nahan mungguhing  pembiayaan.

Ana ing tantangan global nyawijining Bank Mandiri lan uga BCA iku yèn dirasa ya ngemu paédah lan manpangat kang matikel. Kayadéné kang padha dèn mangertèni yèn ana ing tahun ngarep iku perdagangan ASEAN  waé Bank-Bank ana ing Indonésia iki wus bakal ngadhepi gumebyaring Bank negara liyan, kamangka ora kena dèn sepèlèkaké menawa Bank-Bank saka negara manca iku nduwèni pawitan ora cilik cacahé.

Kudu diakoni menawa kahanan Bank Nasional iki isih adoh saka kelasing persaingan. Mula saka iku wus ora bisa sélak Bank-Bank ana ing Indonésia iki ya kudu cancut taliwanda, kepiye carané supaya bisa nggulawenthah Bank kanggo kemajuaning sapadha.

Sinèrgi iku kalebu langkah kang trap kanggoning jiwa-bangsa lantaran ora kena disélaki Indonésia iki kedadèn ya amarga antaraning siji lan sijiné uga bersinèrgi  sarta gotong royong. Mula muga-muga isih ana usaha liya kang nduwèni krenteg kayadéné kang wus dilakoni dèning Bank Mandiri lan uga Bank BCA kuwi. [uth]

__________________________________________________________

An illustration of  ‘Mandiri lan BCA‘ is taken from bestlagu without permission



Berbagi adalah Peduli...