Pande besi taksih saged kawula tingali kinten-kinten wekdal tigang minggu kapungkur, injih menika rikala kawula sanjang dateng peken .
Èstunipun ing sepindah kawula dateng peken nggadahi niat badhé tumbas sekar kagem sarana kirim donga Bapak -ingkang nembé kémawon dipun timbali Ingkang Maha Kuwaos- wonten ing pasaréan.
Ananging wekdal saged ningali tukang pande besi èstu kawula mboten saged énggal-énggal merlokaken tumbas sekar. Kula malah ‘ketungkul’ dateng obyek ingkang nami ‘pande besi’ menika.
.

- Pande Besi
‘
Ngalami kedadosan kados mekaten èstunipun kula injih dipun sawang kalian kathah piyantun. Kula njih mboten badhé sélak menawi ingkang nyawang mesthinipun gadhah pamanggih menawi kula menika ‘katon ndesa’ malah kepara saged kasebat “ndesa kluthuk!” Kawula saged ngrumaosi kedadosan kados mekaten kok.
Wangsul dhumateng babagan pande besi, temtuniupun wonten sebab-musababipun menawi kula katon ‘ndésa’ kados mekaten.
Nuwun injih, Panci leres wonten musababipun kula katon nggumunan wekdal ningali pande besi. Mboten sanès injih menika kemutan rikala taksih alit rumiyin sesarengan kalian Bapak dipun gendhong ingkang saperlu dandan pacul ingkang sampung gowang utawi cacat.
Leres memawi pande besi menika injih panggènan ingkang dipun pigunakaken kagem dandan ubarampe tani tuwin rumah tangga, kados ta; pacul, arit, pethèl, wadung, pécok, lan sakpinunggalanipun.
Rikala alit, kula asring dipun ajak Bapak dandan pacul. Injih menika asringipun menawi badhé manjing wekdal garap sawah, macul, lan tandur. Kaleresan ingkang kula tingali rikala wingi menika injih pande besi ingkang dipun laksanaken déning satunggaling piyantun éstri.
Nyawang pedamelan Pande besi, èstu wonten babagan “syarat makna” tuwin ‘ngemu pesen’ dhumateng kida sedaya. Utamanipun wonten ing babagan kautaman kita gesang menika.
Sak mempan-mempané arit bakal ana cacat uga.
Saged dipun resepi maknanipun; bilih sak pinter-pinteripun jalma, mboten sélak samangke injih badhé manggihi babagan ingkang saged damel kekirangan ugi. Wonten ing kahanan kados mekaten, menawi dipun tepak’aken dhumateng kita sedaya, mboten sélak menawi kita menika ugi mbetahaken sarana ‘panggemblegan’ ingkang asma pande besi.
Pramila langkung becik sumangga sesarengan ngupadi kamanpangatan dhiri dhumateng piyantun sanès ingkang tuwuh saking landeping raos tuwin manah. Mboten kok malah kosok-wangsulipun, nambah ndableg lan mboten wonten kepinginan ngasah rasa dhiri. [uth]
__________________________________________________________
Gambar Pande Besi kapacak saking Pasar tradisional, Nanggulan KP Jogja.
Berbagi adalah Peduli...






























kula taksih tedhas tapak paluning pandhe
Sekti tenan no panjenengan menika kang..?