Wong takon wosing dur angkara, Antarané rika aku iki
Sumebar ron ronaning kara, Janji sabar, sabar sak wetara wektu
Kala mangsané, ni mas…….
Titi kala mangsa…….
Pamujiku dibisa, Sinuda kurban jiwangga…
Pamungkasé kang dur angkara, Titi kala mangsa…….
sumangga dipun ceklik menawi badhé midhangetaken
_______
Keprungu sawijiné tembang titi kalamangsa kang disuarakaké déning Ki Sujiwo Teja bisa gawé rasa trenyuh ana ing sakjeroning atiku iki. Sejatiné tembang iki wus suwé banget dak ngertèni, ananging bola-bali dak rungokaké jebul saya tambah gawé ati iki gelem ra gelem kudu katut ana ing suasana. Akèh jlèntrèhan tembung kang bisa dadi kaca-polahé awak iki, ya polah-tingkah para manungsa utamané ngenani babagan nggon nepsu.
Laku sepisan ana ing kahanan kang sarwa angèl lan ora gawé bungahing manah kaya jaman saiki, ora sélak bakalan mbutuhaké sipat kang kudu sabar kanggo nyegah tindak culika amarga wus dikuasai déning nepsu. Sipat sabar akèh paédahé, ya isa dadi wujud kanggo nglipur ati kang lagi sedih. Kesabaran dadi wujud makna sing bakalan nguataké ati kang lagi nandang prahara.
Kejaba babagan enak sing langka banget awaké dhéwé temoni lan syukuri, kasunyatan yèn urip iki pancèn ménèhi bab-bab kang ora gawé senengé ati. Ing pangajab awak kabèh pancèn ora nduweni cita-cita supaya nemoni bebendu, ananging awak kabèh ora bakalan bisa nolak yèn bebendu iku mau tumeka ngganjar awak iki. Amarga seneng lan susah iku wus ginaris déning Kang Maha Kuasa lan mujudaké pakèt tunggal sakjeroning ngaurip. Gelem utawa ora gelem sing jeneng kahanan èlèk iku mau ora bakal awak iki bisa nolak.
Saka pengalaman kang ditampa amarga rasa susah lan angel iku mau bisa andadèkaké awak kabèh padha sinau babagan urip, bisa mbédakaké endi kang manpangati lan endi kang madharat. Wusana sumangga…! [uth]
Kagem ngundhuh “titi kalamangsa” saged tindak mriki



















