Aja trima dadi wong bodho

Akèh wong kang sugih wuwus,

nanging dèn sampar pakolih,

Amung badané priyangga,

kang den pakolihken ugi,

Panastèné kang dèn umbar,

tanpa nganggo sawatawis.

(Kintanthi – 13)

Buaya


Partai politik  sejatiné ya alat perjuangan saka rakyat, amung ana ing wayah saiki tujuan iku wus samar amarga kahanan sing diweruhi kasunyatan partai politik  luwih doyan bersekutu karo para panguwasa. Mula ora nggumunaké menawa ana ing wayah sakiki para birokrat utamané punggawa partai milih cep-klakep meneng-bungkam. Babar blas ora ana suara senadyan wus akèh ontran-ontran sak merga satron ing antarané cecak lan baya. Kriminalisasi KPK, ana sing nyebutaké kaya mengkono iku.

Wakil Rakyat wus kebacut lungguh énak-kepénak ana ing bangunan kang magrong-magrong lan senthong kang adhem. Dadi wus ngrasa mingkem dhapet lambéné mbuh amarga kadhemen iku mau apa ana sebab liyané, ananging sing mesthi para punggawa anggotaning Déwan iku mau wus ora kena di arep-arep dadi penyalur aspirasi rakyat. Sing isa disawang malah demokrasi sing mung ngegung-gungke aturan, demokrasi prosedural tembung kerènné, Oposisi dianggep penting ananging ana sing sejatiné luwih penting katimbang sekedar oposisi yaiku kekuasaan lan kepentingan. Kasunyatan Substansi wis di gawé lali…

Ukum wus ora mligi mbéla wong bener, ananging tetep mbéla lan menangké kepentingan. Aturan utawa prosedur bisa digawé kanggo mbeneraké tindak lan polahé. Ora sélak yèn wus dadi rahasia umum menawa wong nduwé dhuwit iku bakalan menang menawa di adili. Krisis Kapercayan sing kaya mengkono iku wusana dadi njalari tuwuh ontran-ontran lan  perlawanan saka média internèt kaya déné para blogger lan uga Facebooker.

Kasunyatan pamarintah anyar kang umuré durung genep saka 100 dina wus panèn krisis kapercayan, ketambahan manèh amarga kasus ditangkepé Bibit lan Chandra, ora kurang akal rakyat iki, akèh rakyat sing wus padha pinter, mula para punggawa negara padha élinga. Éling karo amanah sing di wènèhaké liwat tanganmu…

Mula saka iku wus kebacut dadi rakyat cilik, awak kabèh aja nganti mung di iyik-iyik. Aja trima dadi wong bodho kang plonga-plongo kaya kebo, awak kabèh kudu pinter-pinter ngakali kahanan kang kaya ngéné. Ora mempan kanthi prosedural, isa nggunakaké samubarang sarana lan prasarana liyané. Demonstrasi iku ora kumudu medhun nang ndalanan utawa pasa ora mangan lan ora ngombé, sarana internèt lan kecanggihan alat liyané saiki isa dèn manpangataké.

Kaya déné unèn-unèn ana ing Hadist “Rakyat sawijiné bangsa iku gumantung saka kapribadèn lan uga akhlaq para panguwasa lan pemimpinné”. Wus dadi kewajiban awak kabèh kudu mbeneraké lelakon lan tetekon saka para pejabat iku mau.

Sepisan manèh, ing pungkasan wasana sumangga…!

Dhumateng para réncang lan sedhèrèk ingkang badhé midhangetaken rekaman KPK, kula sumanggakaken tindak dhateng MRIKI, matur sembah nuwun… [uth]

 

gambar: baya (kuncorotewe.multiply.com)



Berbagi adalah Peduli...