Mirsani kasunyatan wanci menika nedahaken bilih leres menawi sabagian saking kita sedaya sampun sami gerah utawi sakit (nyuwun sèwu) edan stadium setunggal, sak kirang-kirangipun wonten ing wekdal setengah dinten kala tanggal 3 kapengker injih menika wekdal kita sedaya amirsani adicara gelaran sidhang Mahkamah Konstitusi dipun pimpin déning Bapak Mahfud MD.
Pripun mboten dipun wastani edan, wong asmanipun kémawon rekaman koq njih dipun pirsani ta….!!! Sampun kita pahami déné menawi ingkang asmanipun rekaman menika injih limrahipun dipun midhangetaken, sanès dipun pirsani.
Hanamung mboten koq badhé ngindar utawi ngélak saking kasunyatan, sampun kaboktèkaken bilih punapa ingkang sampun sami kita pirsani tuwin lampahi menika injih tindak ingkang mboten tebih saking lakunipun tiyang kirang genep (edan). Mirsani kanthi langsung satunggaling rekaman penyadapan wicaranipun sedhèrèk Anggodo, saé menika wonten ing di MetroTV utawi wonten ing TVOne.
Mboten namung kita kemawon, anamung taksih kathah para punggawa tuwin piyantun pinter ing kaweruh sami-sami anindaken lan mirsani rekaman menika. Awit saking menika koq ing raos kula gadhah pengangen-angen, punapa leres menika ingkang dipun wastani “Jaman Edan” kados ta ingkang sampun asring kita mirengaken “Jamane-jaman edan sapa sing ora edan ora keduman “.
Dados menawi kita sedaya mboten tumut utawi ndhèrèk édan samangké njih mboten badhé komanan/keduman, ananging isih bejo wong kang eling lan waspada. Nah ingkang dados bahan pitakonanipun, ingkang pundi ta kalebet jalma kagungan sipat lan karakter eling lan waspada menika…?
Ke-édanan kita dados warga ingkang kastanipun sudra menika mungkin mboten sepintena menawi kabandhingaken kalian suraos wonten ing sak jeronipun rekaman. Kita sedaya sampun sami paham ke-édanan ingkang dipun tindakaken déning piyantun berduit, tuwin berpangkat lan taksih menjabat. Saget dipun pirsani saking mriki kasunyatan bilih harta menika kagungan tutuk, yatra badhé ngendika…..
Anamung punapa ta ingkang saged kita pirsani sakmenika, sak sampunipun sedaya kapampang jelas wonten ing ngajengan khalayak ramé…? Sedaya tiyang ingkang sami terlibat malah unjuk argumen ndugèkaken alibi. Para punggawa penegak hukum sami mboten saged andadosaken satunggaling tiyang kléntu wau (kados ta Anggodo) dados tersangka kanthi dalih “dèrèng cekap bukti”, kamangka rasukan ingkang dipun angem kémawon sampun jelas-jelas katon cetha wéla-wéla gupak pulutipun. Dados mboten klèntu menawi ontran-ontran sesambetan kalian Jaman Edan menika kita gantos dados mekaten….
Jaman iki jaman édan
Nèk ra édan ra keduman
Sejatiné banci ngaku préman
Sing bisa nyogok langsung bedhigasan
Menawi sami-sami mirsani adicara reality show wonten ing pesawat Televisi ingkang kita ajeng-ajeng, Éééé mbok pejabat ingkang kagungan wewenang menika kula aturi kémawon ngagem artis UYA KUYA kapacak dados ketua Team Penyidik. Menika mujudaken satunggaling gagasan saé, injih gagasanipun saking laré alit umur-umuranipun sak ngandhap sedasa tahun (kados ta Bunnan contonipun), kanthi alesan awit sampun sami kita mangertosi bilih suwantenipun laré alit menika injih sabagéan ngemu kajujuran ugi kaleresan….
Mboten sah kita sedaya menika ngedalaken béaya ingkang matikel cacahipun kagem nyepakaken adicara persidangan, ananging kathi adicara reality show sedayanipun badhé dipun biayai saking pihak iklan. Manpangat sanèsipun injih menika mbok menawi adicara reality show saking Uya Kuya langsung kejlèntrèh pawartosipun babagan pengakuan tersangka awit adicara hipnotis Uya memang Kuya menika dipun gelar mligi kagem ngintrogasi oknum tukang colong-jupuk arta negari menika. Badhé kabukak-kawiyak sedaya borok-borokipun tiyang menika…..
Dados kanthi pengaruh si Uya para pelaku konspirasi ingkang ngrugèkaken negari badhé blaka-suta, ngendika kanthi jujur tanpa saged damel apus-apus kados sandiwara.
Panci kedah dipun amini saking sudut pandang substansi (luwih-luwih saking pihak pengacara) babagan menika mboten saged lan mboten cekap dados bahan bukti dhateng pengadilan amargi kalebet wonten ing indikasi atas pengaruh piyantun sanès. Anamung efek jera ingkang dipun tuwuhaken kula wastani badhé ngemu pengaruh ageng wonten ing wekdal saklajengipun.
Punapa maléh menawi babagan menika dipun laksanakaken tuwin dipun siaraken kanthi live ngiras pantes ngemu fungsi kagem adicara hiburan Reality Show, kanthi tindakan menika mboten sélak bilih samangké keadilan wonten ing ndonya menika sekedhik utawi kathah badhé manggihi titik terang.
Jaman sampun édan, mboten badhé komanan menawi kita injih mboten tumut ngédan…
[uth]
Menawi réncang-réncang badhé mendhet tuwin ngundhuh rekaman babagan Anggodo saking KPK-PolRi kula aturi tindak dhateng link menika



















