Jakarta (Koko Thole)

Jakarta (Koko Thole)

Sumangga dipun ceklik kagem midhangetaken “Jakarta – Koko Thole” menika

Ngene iki urip ing kutha gedhe
Golek pangan cukup kanggo urip dhewe
Syukur syukur ana sisa dicelengi
Mikir dhuwit awak lali diopeni

Apameh nganti ninggal anak bojo
Krasa kangen nanging raisa mulih
Golek kerja nyilih duwite kancane
Nadyan piye nggone mbalekake

Jakarta, Koq kaya ngene kejeme
Jakarta, Ra kaya sing tak impek’ke
Jakarta, Golek pangan dha rebutan
Jakarta, Wis ra kenal seduluran

Ana ngomah senthong kosong gelondhangan
Turu mlungker selonjor ra ana sing nglarang
Neng Jakarta okeh ana emperan
Cokot lemut turune dhesel-dheselan

***
Jakarta, Wengi digawe awan
Jakarta, Ra gampang golek gawean
Jakarta, Okeh sing padha kleleran
Jakarta, Sing keset ora keduman

Kagem mundhut langgam “Jakarta – Koko Thole” menika kula aturi tindak mriki