Dina Pahlawan lagi waé keliwat seminggu suwéné, ananging dak titèni babar blas ora ana suara kang isa nuduhaké menawa pèngetan dina pahlawan iku kalebu dina kang penting tumrap sejarah adeging Negara Indonésia iki. Kedadèan sing wus matahun-tahun kayadéné malah ndadèkaké bab kang wus biasa kaya adat saben. Luwih-luwih ana ing wektu iki akèh kahanan kang lagi ramé ing gawé sing bisa dadi pawarta utamaning kabèh mas média. Kanggo tuladha ya kabar “cicak lan uga baya”, Pèngetan dina Pahlawan wus mingslep lan ilang kaya déné ora ana ajiné ganti ketutup kabar pawarta liyané.
Mula ya sajak isa di maklumi menawa sejatiné ana ing wektu iki wus ora ana manèh kang pantes kasebut “Pahlawan Tanpa tanda jasa”, jèr kabèh iku mau pancèn mlaku miturut lakuning jaman. Rikala semana sing kasebut Pahlawan tanpa tanda jasa ora liya manèh ya Bapak utawa Ibu Guru, ananging ana ing wektu iki kok dak rasa saya adoh sungsaté amarga sing jeneng Guru iku saiki wus dadi propèsi, dudu pengemban amanah.
Kasunyatan akèh tuntutan saka para tenaga pengajar iku tanpa mirsani luwih ndhisik, apa ta sejatiné sing kasebut Guru iku. Guru kasebut saka tembung digugu lan ditiru, dadi wus dadi kewajiban kuduné Guru iku sak liyané dadi tenaga pengajar ya sisan dadi tenaga pendidik. Ananging ana ing wayah saiki kasunyatan isa dipirsani sèwu siji bakalan nemoni Piyayi kang kasebut Guru iku mau, apamaneh yèn ngerti menawa akèh tindak kang ora becik diperanké dening para Guru. Pancèn kabèh iku mau ora mung mandeg ana ing tetembungan siji Guru, sejatiné ya pancèn isih ana koq piyayi Guru kang isih ngugemi kuwajibané. Ora kabèh nduwé sipat kang padha.
Saka tembung Guru kang propèsiné dadi tenaga pengajar sekaligus tenaga pendidik iku mau, aku dadi kèlingan marang sawijinéng tembung “pamong”, tembung iku ana ing wayah saiki asring keprungu ing kuping iki kang ateges identik karo “petugas / aparat pamarintah”. Tembung pamong miturut sing wus tau dak mangertèni kajlèntrèh saka tembung ater-ater (kata dasar) “among” kang artiné kurang luwih ya “pengasuh”. Tembung pamong iki wus di enggo kanggo ngganti tembung Guru wiwit pirang-pirang tahun kepungkur, utamané ana ing Perguruan Taman Siswa, yaiku Perguruan kang dipandegani déning Ki Hajar Déwantara.
Sejatine aku luwih sreg menawa tenaga pengajar lan pendidik iku ya isa dadi pamong, yaiku ora amung sakderma mènèhi ngèlmu ananging luwih saka iku ya paring conto marang kabecikan (akhlaqul karimah).
Ki Hajar Dewantara sejatiné kalebu piyayi ningrat, asma asli paringané kanjeng Ibu ya “Soewardi Suryaningrat” ananging luwih seneng menawa nganggo asma Ki Hajar Dewantara, sebab pancèn saka awal pingin cedhak marang para kawula alit. Mula iku kasebut “Ki” dudu Bapak.
Dhasar ajaran Ki hajar Dewantara iku ngemu babagan kang telu wernané, yaiku olah cipta, rasa lan karsa. (kognitif, efektif, lan konatif). Kahanan dhiri iki luwih penting lan ora bakala isa di gawé padha marang apa kang dadi milik lan duwéné manungsa iki. Ing tembé akhir bisa tuwuh rasa “manungsak’ké manungsa”
Mula becik awak kabèh yuk padha ngaca wus tekan ngendi glegering awak iki, karebén bisa dadi pamong sak ora-orané kanggo awaké dhéwé. Bisa medhar rasa kamanungsan marang sak padhaning jalma, embuh iku jalma manungsa utawa jalma ciptaaning Gusti kang liya.Déné kang dadi dhasar ya rasa asah, asih lan asuh. kanthi pawitan kang kaya mengkono muga bisa uga dadi pahlawan sak ora-orané kanggo awaké dhéwé ana ing ndonya iki. [uth]


















