piwulang urip rasa pangrasa

Lungkrah sakabèhing rasa sumarah anyeksèni Nuswantara wus owah saka berkah dadi papan dhangkaning pancabakah, obah owahé kaya-kaya ya wus susah, nandang awak lungkrah dadi bubrah. Awak   rumangsa wis ora saguh yèn kudu tetep puguh mikukuh angrengkuh tata raharjaning laku kang rinasa rubuh.

Pramila, kula ingkang sarwa-sarwi cubluk ing panggraita keparenga ndhèrèk lampah saparan-paran, tambuh lenging sedya anyambungi laksitaning carita amadosi tetalining gesang. Mboten kok ateges udud cekak neges-negesi punapa déné cumantaka angguroni piyantun sepuh kanthi kekudhung carita mawi kalodhangan punika.

Wus kocap kacarita menawa manungsa iki pancèn diwenangaké duwé karep nggayuh rejaning donya lan bandha. Ananging sing  kudu ora kena dilalèkaké ya polah kang datan kapradhah, kosok wangsulé ya kudu manut marang krenteging resik sakjeroné ati, ora gampang katut marang dayaning lair, ora ngaji mumpung ing kamurkan supaya awak kabéh bisa nggayuh rahayuning wiwitan lan pungkasan. Katentreman dumunung ana ing rasa. Rasa tentrem tegese rasa kang sumèlèh, rasa kang ora gawé kisruh ing kalairan liyan.

Rasa pangrasa kudu dijaga utamané kanggo para priyangga pranata bangsa iki, jèr kabèh mau ana ing temah ya bakalan dèn suwuni pertanggungjawaban déning Gusti. Tindak, polah lan pocap apa kang wus sira tindakaké? Ngemu babagan kang migunani lan ngemu manpangat kanggo para nayaga apa malah dadi srimpet lan rubet riweting laku para warga. Sejatining Priyangga kang kacipta kanthi paédah lumahing asta anyenyadhong amanah wus diwajibaké mituhu, datan kena nerak sarak amrih prasaja lan sentosaning swasana. Ananging yèn awak kabèh bisa angrasakaké kabèh iku mau jebul wus oncat saka penggalih para prasaja pengemban dhawuhing bangsa. Ora ana babar pisan olah rasa pangrasa uga olah pikir menawa kudu migunakaké usus kang dawa kanggo nggulawenthah kahanan kang wus kebacut ora tata iki. Kepara malah amung bandha-donya kang dadi tujuan, déné kang kanggo tèdhèng aling-aling ya babagan urip lan uga panguripan. Urip lan panguripan kang amung di ibarataké mampir ngombé.

Nyuwun sèwu sak dèrèngipun, kang aran panguripan iku ora kena disélaki menawa amung winates ana ing manungsa waé, déné kéwan lan uga tetuwuhan dadi piwulang sekolahan sing kudu ditampa amarga kabèh naté dèn tampa lan uga dén weruhi, kètok cetha wéla-wéla katon mata.

Kabèh kang gumelar ana ing jagad iki ya kadunungan urip. Lemah, banyu, geni, angin, srengéngé… iya bisa mobah mosik amarga kadunungan urip. Sawauné, asal muasal miturut carita kang ana ya amung awang-uwung. Sing urip mbutuhaké wadhah awujud jagad gumelar iki. Urip tanpa wadhah senadyan tetep bisa mobah mosik ananging prasasat kesampar-kesandhung tanpa aji. Semana uga si wadhah, prasasat tanpa aji manawa wus diponcati déning isi, iya urip iki wus ora bisa mobah mosik malah kepara banjur malih dadi bathang. Mula sak kloron ing antarané urip lan wadhah iku wus kegaris tansah silih sinilihan samad sinamadan. Minangka wadhahing urip kang suci mesthiné manungsa bisa anindakaké sakabèhing laku kang suci. Bisoa wengku-winengku, mong-kinemong, ora malah padha sikut-sikutan utawa jothakan.

Yèn urip kang dumunung ing manungsa kuwi banjur diombang-ambingké, wadhah diwengku déning rasa kang ala, lha iki jeneng  ora ngajèni, si isi dadi ilang regané dadi ora ana ajiné. Kamangka manungsa tumitah ing ngalam donya iku kuduné bisoa dadi wali, kang ngemu teges tingkah laku kang apik aja diuwali, aja nganti uwal saka rasa kang suci resik. Raga yèn wus ora dikanggokaké déning si urip, ya bakalan mung ditinggal glanggang kaya wong boyongan omah, omahe sing ditinggal.

Lamun éwa semana kang nggulawenthah ya tetep si urip, ora ana liya ya jalma kang isih kadunungan urip iki. Jalma limpat seprapat tamat, manungsa asalé saka lemah bakal bali menyang lemah, nanging aja dianggep lemah kuwi mati. Lha yèn lemah kuwi mati rak ya ora bisa nguripi tanduran, mula manungsa iki ora bisa uwal saka urip sanadyan wus tilar. Aja nganti klèru, unèn-unèn urip kuwi ana sing nguripi iku salah kaprah. Kang bener urip iku ya sing bisa nguripi panguripan. Pawiwitan ana ing ngisor tumancep ing lemah kang mawa banyu, ing nduwur diuripi déning srengéngé lan angin. Manungsa nandur pari, jagung, tela sak terusé bisa tuwuh lan metu wohé kang ngemu paédah supaya bisa kanggo pangupajiwa uga panguripané tumrap manungsa iki. Kasunyatan yèn disawang uripé kéwan iya  béda karo uripé jalma-manungsa ananging yèn banjur disawang kanthi jlèntrèhan kang utama lan seksama sejatiné sing béda iku dudu uripé ananging amung awujud glegeré lan uga pikiré.

Amarga saka iku kabèh awak ya butuh urip sarwa-sarwi, mula ya kudu bisa ambédakaké. Endi polah lan tingkah kéwan kang tanpa pikir uga rasa trésna, lan endi ta jalma-manungsa sing wus sak mesthiné bisa éling marang sak padha-padhaning jalma.

Ubenging kahanan ing ngalam donya tansah kawetu ana ing  wolak-waliking tetembungan kaya iku mau. Manungsa urip ana ing ngalam ndonya iki ora amung dhèwèkan, kaya déné sing dikersakaké lan di ngendika’aké déning Gusti, kabèh iku kacipta kanthi berpasang-pasangan, mula ya padha èlinga para manungsa , ya awak kabèh marang pesthiné Gusti Kang Murbèng Dumadi. Wusana kudu bisa ngowahi laku endi kang becik lan endi kang ala. Déné tindak mangas lan nggragas sing dadi polah tingkahé para Naléndra pangurusing bangsa iku mau ya aja nganti uwal saka pangucap panglarang awak kabèh. Padha èlinga! [uth]

Dipun ilhami saking seratan punika




Berbagi adalah Peduli...