Critané si Panjul njaluk dhuwit simboké kanggo tuku anakan klinci, sakjané kedadéan njaluké dhuwit waé nganti diréwangi nangis nggulung-koming, ananging ing wusana mbasan wus kelakon dituku klinciné lan lagi udakara seminggu wektu anggoné ngrumat jebul kok malah sida dadi ketekan pati klinci cilik iku mau. Amarga wus kadhung seneng karo jinis klinci kaya sing wus naté dituku iku, dhasaré ya isih cukup dhuwit mula akhiré si Panjul banjur menyang menèh ana ing pasar kang tujuané arep golèk baboné sisan. Panjul mikir menawa langsung nduwèni babon klinci lan uga pasangané mula mbésuk rak ya kemungkinan uripé bakal gedhé.
Sak tekané ana ing pasar Panjul banjur nggoleki bakul klinci sing seminggu kepungkur dèn tukoni. Takon lan mèh nganyang rega klinci sing dikarepaké, yaiku klinci jenis anggora. Ananging babar blas ora kaya sing dipikiraké si Panjul amarga mbasan tekan pasar lan ketemu bakul klinci, bakul klinci malah crita yèn klinci anggora iku sa’iki wus ora ana ing negara Indonésia kéné, pindah ana ing negara Singapura. Alesan sing diweruhi déning bakul klinci iku mau jaréné amargaamrih golèk aman lan slameté, “ana ing Indonésia iki wus akeh virus ganas” mengkono ngendikané.
Loh…… Panjul dadi bingung bola-bali mikir njuk virus apa ta sing marai si klinci iku mau wedi kepati-pati emoh urip nang negara iki, malah mlayu nang negara Singa. Nanging cekak aos Panjul banjur mikir liya, oh mungkin amarga nèk nang negara iku para singa bisa dadi jalma kang bisa diandelké anggone nglawan sapa sing kumawani ngganggu papan panggonané. “Juannn, dhasar Singa tenan kok sing gawe aku ra bisa keturutan nduwe klinci iki…!!!” (eh pancen beneran singa ta…?) ujare Panjul grundelan…..
Tinimbang mulih wurung mula si Panjul nggolèk ganti klangenan liyané, rada seneng karo kéwan awujud pitik mula iki pas ana jagoan lumayan rada mrekitik dhèwèké rada ana rasa kepingin nduwèni jago iku mau. Alesané amarga bisa kanggo lanangan. Rega langsung dadi ora usah ndadak kakèhan renbug karo bakulé, dibopong gawa mulih pitik jagoan iku.
Ngrumat jagoan sing pancèn isa diarani lumayan nggantheng tur nduwé perbawa, Panjul sajak katon seneng lan bungah atiné. “Lumayan brancah jagoku iki, wani mendhèl sing bakal mbancang-lakuné” kaya ngono ujaré Panjulsinambi ngelus-elus jago kang lagi waé di guyang.
Kasunyatan pancèn para babon lan uga pitik jago liyané katron ora wani macem-macem karo jagoné si Panjul iku. Kejaba gagah adeg-piadeg ké menawa disawang-sawang jago iku mau uga nduwèni perbawa.
Lan siji menèh (kaluwihan) sing rada isa kanggo ngalem si jago iku mau, yaiku bisa srawung marang para uthuk (pitik kang isih cilék). Amarga asring srawung mula ana ing sakwijiné dina jago iku ya asring dolan ana ing kali. Wusana ana ing sakwijiné dina ana kedadèan kang rada béda. Dina kuwi diseksèni para uthuk si Jago kelakon weruh kedadèan padudon lan uga gelut ing antarané baya mungsuh cecak. Ananging ana ing kedadèan iku mau si Jago mung meneng waé tanpa ana obah awak babar-blas, mung nyawang padudon iku.
Amarga kahanan lan kedadèan iku kabèh pitik, mbuh iku kang awujud uthuk utawa babon lan jago-jago liyané akhiré padha bareng-bareng nyepatani si jagoné Panjul sing sejatiné wus dianggep dadi pimpinan para pitik. “Jebul nèk dirasa-rasa awak iki mung nduwèni jago kang banci ya Buk..!” Kaya mengkono menawa olèh di jlèntrèhaké clathu salah sijiné uthuk marang babon kang dadi wong tuwané.
Weruh gelagat kang kaya mengkono Panjul dadi bingung. Sejatiné dhèwèké iku ya mèlu cuwa atiné amarga ngrasa digawé gela pitik jago sing wus di gula wenthah iku, ananging Panjul ya ora bisa apa-apa, ora bisa tumindak sembarangan. Alesan utamané ya amarga pancèn ora kena disélaki menawa mbiyèn Panjul iku sing milih si jago kang wusana dadi pimpinané para pitik lan uthuk.
Wedi salah lan klèru anggoné gawé keputusan mula akhiré kanthi diruda-peksa para peternak pitik liyané, Si Panjul manut yèn kudu ana adicara migunakaké hak angkèt….. [uth]


















