Pengendalian dhiri saking pucuking lathi
Maos seratan wonten ing koran utawi layang-kabar ugi mirsani pawartos saking layar kaca-télévisi sampun jengah kita sedaya mangertosi babagan Gègèr ing antawésipun Negara kita Indonésia kalawan Malaysia. Malah liwat donya-maya warga kekalih negari ugi sami perang-tandhing ing ukara, mboten kejawi inkih réncang-réncang blogger sedayanipun
Malah pawartos pungkasan koq Langgam “Indonésia-Raya” ingkang dipun anggit déning WR Supratman ugi dipun katutaken dosanipun. Indonésia-Raya dipun plèsètaken ngagem ukara-ukara ingkang mboten mranani wonten ing penggalih tuwin manah warga Indonésia sedantenipun, kalebet kawula piyambak. Lha punapa ta klèntunipun lagu menika koq sami dipun dadosakaen bahan cecongkrahan.?
Ananging sumangga wonten ing dinten siam punika, supados anggèn kita nglaksanakaken ngibadah siam saged dumugi tujuanipun, kita sedaya sami ndhadha – mawas dhiri. Punapa ingkang sampun kelakon lan ketingal wonten ing netra menika, kita dadosaken bahan renungan. Ampun ngantos kita sedaya menika sami nuruti hawa nepsu, senadyan suasana sejatosipun ugi sanget nyengkuyung dhateng tindak sulaya. Sumangga kita migunakaken akal, pikiran tuwin manah kagem njlèntrèhaken sedayanipun. Awit menawi kita nuruti hawa nepsu anggèn kita sedaya memengsahan, sayektosipun ngemu perangan ingkang nedahaken bilih kita menika sejatosipun njih mboten bènten kaliyan sanèsipun.
Loh kénging napa ta budaya Indonésia menika sami dipun cap kaliyan asanes…? Kula wastani kedadosan punika amargi kita piyambak, Bangsa Indonésia kirang anggènipun nggula wenthah budaya lokal, sampun mlajar tebih sami sok kebarat-baratan. Cobi mang pérsani dhateng lingkungan kita sedaya…!
Mekaten ugi babagan Langgam Indonésia Raya. Wonten ing adicara kenegaraan pertengahan wulan Agustusa kepungkur, keleres ing Gedhung wakil Rakyat dipun wontenaken adicara tahunan Laporan Présiden Mandhataris MPR kedahipun njih dipun wiwiti mawi Langgam Kebangsaan Indonésia-Raya menika, ananging punapa ingkang saged sami kita pirsani..? Tembang menika keladuk kesupèn mboten dipun warakaken wonten ing gedhung wakil warga/rakyat.
Kanthi mirsani pengalaman wonten ing nginggil pramila sumangga kita sami penggalih kanthi wicaksana. Kados ta babagan budaya ingkang sampun dipun klèm déning Negari Malaysia wekdal kepungkur, sayektosipun kedadosan Lagu Indonésia-Raya menika èstunipun mboten tebih saking nasib ingkang sampun-sampun. Langgam Indonésia-Raya menika namung kagem Langgam sérémonial kémawon. Saged dipun étang ngagem driji anggènipun kita sedaya menika mangertosi punapa ta artosipun perjuangan Indonésia menika. Ananging sakmenika kita sedaya sampun kecolongan, awit kula kinten kita injih taksih badhe mèndel kémawon menawi mboten dipun jawil déning Negari asanès. Menika saged kita sedaya dadosaken bahan-perenungan, sampun dumugi pundi ta nasionalismé kita ?
Lha wong Lagu Indonésia-Raya kémawon wonten ing adicara pidato-kenegaraan njih “Lupa-Lupa Ingat” koq……!
Sedaya kedadosan menika menawi kita penggalih kanthi manah ingkang mungguh saénipun asesami cumbu kaliyan punapa ingkang saged kita sinau saking anindakaken siam-Ramadhan injih samia kita menika mengendalikan dhiri , langkung saé menawi kita sedaya menika saged nglembah-manah dhateng keklèntuanipun piyambak. Punapa ta ingkang dèrèng pas, dèrèng trep, lan dérèng tata?
Sampun ngantos kita sedaya menika keladuk ing pangucap amargi Ajining dhiri menika amung saking pucuking lathi – Ajining raga saking agemaning busana.
Wonten ing saben dintenipun kita sedaya menika sami ngaturaken ukara wonten ing pangandikan. Mangga sami kita jagi anggènipun kita menika caturan tuwin guneman, saklangkungipun injih kita jagi ugi anggènipun kita menika ngagem rasukan. Ampun ngantos ngganggu saugering kahanan piyantun asanes. [uth]
Berbagi adalah Peduli...






























la inggih pakde…kadosipun wonten ingkang sengojo bade ngisruh kahanan… (sambil belajar jowoan sing meh dilalekne nih…)
hihi, sumangga mang sekecakaken mBak Dini anggen kita sesarengan nggulawenthah bsa Jawi menika…..
sepindah malih Matur sembah Nuwun…