ngalam budaya nuswantara

ilustrasi: gunung merapi

ilustrasi: gunung merapi

Wonten ing jaman tehnologi menika mboten saged dipun sélaki menawi prilaku menungsa sampun kapengaruh déning makembangipun tehnologi (informasi). Kathah éngkang léna amargi tehnologi canggih tuwin modèrn, saéngga andadosaken sami kesupèn saking aspèk-aspèk sanèsipun, kagem tuladha injih menika pentingipun mbinangun sikap gotong royong lan makempal dhumateng jalmi sanès, perlunipun anglakoni geguyupan kagem pasedhèrèkan injih dhumateng sesami lan ugi dhateng ngalam ndonya menika.  Jalaran saking menika mboten sélak ugi menawi sebagéan saking kita wujud trèsnanipun dhumateng budaya sampun dipun supèaken ugi.

Tehnologi ingkang dipun terapaken mboten malih kaginanaken kagem sarana pambiyantu jalmi manungsa, anamung kosok wangsulipun justru kita sedaya jalma manungsa menika malah ingkang pungkasanipun dipun kuwasani déning bentuk kemajuan tehnologi. Manungsa mboten malih bébas anggènipun ngembangaken potènsi saé menika saking segi moral punapa saking sisi material.

Manusia namung dipun ukur saking “to have” injih menika aspèk matèri awujud raja-brana éngkang dipun kagungi, lan ugi pengaruh  “to do” awujud kasil saking proses ingkang sampun kagayuh.Kathah éngkang luwih ngutamakaken kalih bab wonten ing nginggil kabanding babagan  “to be” utawi “being” ingkang mboten sanès injih jogrogipun kita wonten ing ngalam ndonya.

Kanthi konsèp “back to nature” mugi-mugi kita sedaya sami saged sinau dhumateng ngalam-ndonya éngkang sampun saking makinten-kinten warsa  lan abad nedahaken bilih manungsa gesang menika mboten kaginakaken dhateng “Ingkang Kagungan ide” kémawon, anamung langkung saking menika injih kafungsèkaken kagem “pelaku kréativitas” déné saklajengipun babagan menika kasebat budaya. Saking papan menika pramila kita sedaya dipun tuntut satunggaling dhasar penggalih bilih jalma manungsa menika mboten saged uwal saking sisi kamanungsan (humanity) éngkang kagungan daya cipta (kognitif), daya rasa (efektif) sarta daya karsa (konatif). Sedaya éngkang kasebat wonten ing nginggil menika mboten saged mlampah piyambak-piyambak, amargi pemanggih éngkang anamung dipun dhasari salah satunggaling daya kémawon mboten sélak menawi badhé anyirnakaken sipat kamanungsan.

Dipun pirsani saking ngélmu sosio-anthropology, éngkang adamel bènten antawisipun jalma manungsa lan jalma sanèsipun injih satunggaling bentuk budaya inngkang dipun gadhahi. Pramila salah satunggaling mergi ingkang èfèktif kagem andadosaken manungsa menika kagungan pemanggih ingkang “humanis” injih kanthi nuwuhaken raos trèsna dhateng kabudayanipun piyambak. Déné “back to nature” injih salah satunggalipun mergi tuwin papan sayektosipun.

Sumangga kita sedayanipun sami ndhadha lan menggalih sampundugi pundi anggènipun tuwuh raos “nduwèni budaya adiluhung”, saéngga saged tuwuh ugi raos kekeluargaan saé menika dhumateng sesami jalma twin dhumateng jalma asanès, awit sayektosipun kedadosan ngalam-ndonya éngkang sampun dipun paringaken déning Ingkang Maha Kuwaos menika ugi akibat tingkah-polah kita sedaya. [uth]