Piyantun Jawi menika sayektosipun sampun kagungan kathah piwucal ngèngingi babagan éngkang ngrembag sipat saé. Kagem tuladha injih gotong royong, lampah sopan-santun tuwin praèhan éngkang ramah.
Glegeripun jalmi ngagesang mboten saged dipun sélaki menawi taksih mbetahaken pambiyantunipun asanès. Pramila, sumangga anggènipun kita gesang saged sami aguyup rukun sesarengan. Awit sampun sami kita mangertosi bilih kita sedaya menika sampun dipun dangu kanthi satunggaling ular-ular déné “Crah agawé bubrah, rukun agawé santosa”
Wonten ing kalodhangan bebrayan agung èstunipun kita menika saged amirsani dhateng sok sintena kemawon éngkang naté sesrawungan. Saking menika kathah babagan éngkang saged kita udi ngèlmunipun, awit ngèlmu ngagesang anamung saged kita pendhet injih saking pepanggihan lan sesambetan kaliyan piyantun asanès. Tegesipun, kita mboten badhé gadhah kathah ngèlmu éngkang ngrembag gesang wonten ing ngalam ndonya menika menawi mboten tetepangan tuwin sesrawungan dhumateng piyantun asanès.
Anamung kosok wangsulipun, sesambetan kaliyan piyantun kathah menika ugi badhéè ngemu résiko. Pramila kita kedah saged milah tuwin milih, pundi éngkang saé lan pundi éngkang awon tumrap kita piyambak.
Sesambetan kaliyan kathah rerembagan wonten ing ngalam ndonya menika, kejawi kita ugi kedah saged milah tuwin milih, perkawis sanès saklajengipun injih menika kita ugi kedah saged ngalah lan ngalih. Ngalah mboten kok ateges kalah, ananging ngalah menika sayektosipun namung mapan sakwetawis wonten ing panggenan éngkang wonten ngandhap. Déné saksampunipun ngalah kok taksih mboten saged damel lenaning penggalih, pramila dipun sumanggakaken supados ngalih, sebab kanthi ngalih menika èstunipun ugi kalebet salah satunggaling cara kagem nyupekaken kedadosan ingkang sampun damel cuwa kala wau.
Mekaten mugi-mugi kita saged nyepeng ati kita piyambak kanthi manajemen dhiri. Mboten keladuk anggènipun tumindak amrih saénipun kita wonten ing ngagesang menika, injih saé wonten ing ngalam ndonya utawi saé wonten ing ngalam ngakhérat samangké. [uth]
Berbagi adalah Peduli...




























