kembang valentine

Rejeki, Jodho, lan Pati iku amung Kagungan lan pepesthining Gusti.

Dina kang kaping patbelas ana ing wulan keloro tahun Masèhi nembé waé dèn liwati.

Kaya sing wus dilakoni saben tahun déning para kawula mudha, déné ana ing dina kang kaping patbelas iki wus dadi kesepakatan bareng kanggo mèngeti “dina kasih-sayang”. Pancèn budhaya iku kalebu budayaning negara manca, utamané negara Walanda. Ananging tanpa mikir babagan kang kaya ngono, muga-muga kabèh bisa mèngeti ana ing saben dina, ora mung pas tanggal patbelas Pebruari thok.

Crita babagan dina kasih-sayang kang kondhang nganggo sebutan dina Palentin (Valentine Day), mula aku mau nyawang ana akèh kembang kang dadi bahan kanggo sarana mèngeti dina Paletin.  Merga saka kembang iku mau wusana aku ya dadi kèlingan sawijine kembang sing asring dak weruhi. Ana kembang semboja (Kamboja) lan uga ana kembang Lily Casablanca.

Kembang semboja yaiku kembang sing biyasané isa ditemokaké ana ing komplek pesaréan (kuburan), déné kembang lily isa ditemokaké menawa awak kabèh menyang ana ing adicara temantènan. Weruh kembang kaya mengkono ndadèkaké aku mikir, kasunyatan awak kabèh para menungsa iki anggoné urip ya kudu sinau marang pemetu ana ing ngalam ndonya.

Kembang-kembang iku mau bisa dèn jupuk maknané menawa bisa uga digunakaké kanggo pralambang nuwuhaké rasa, embuh iku rasa seneng amarga katrésnan utawa rasa sedih amarga lagi nandang sungkawa. Déné babagan iku mau pratelane uga dadi barang kang bisa gawé bungah ing ati para kadang tani amarga kembang nduwènni makna kanggo tandha awal tumekaning kasil panèn kang dèn tunggu.

Sak wusé kembang padha ilang mula banjur tuwuh woh-wohan, lan ing wusana kabèh tumètèsing kringet ya bakal kabayar déning pemetu saka ngalam ndonya iki.

Kejaba saka iku, tembung kembang uga bisa dèn temokaké ana ing Bank, kembang ana ing Bank asring diarani bunga, bunga Bank disenengi akèh uwong, utamané kanggo piyayi kang wus sengaja nyimpen dhuwit ana ing Bank. Kejaba saka iku bunga Bank uga nduwèni fungsi kanggo penggerak perékonomian.

Mitirutku apa waé kang mambu tembung kembang ora waé mung èndah menawa disawang, ananging uga bakalan bisa nyebaraké ganda wangi ana ing ngendi waé. Babagan iki bisa dèn trepké ana ing ngurip sabendina. Jalma manungsa iku ya kuduné bisa kayang kembang kang ngganda wangi, ya jalaran wanginéng rasa trésna marang sak padha-padha .

Muga-muga kanggo pra-kanca kang kepeneran bisa mèngeti dina Palentine, babagan iki ora waé amung éla-èlu piyayi liyané sing wus bisa wewènèh kembang anamung babar-blas ora mangertèni apa karepé.  Kang utamma yaiku bisa lan mampu gawé wangining dhiri. Ana rasa ikhlas wewènèh utawa peparing bakalan nemoni kamulyan ing tembé akhir, amarga ora bisa dèn sélaki menawa “jodho iku amung Gusti kang duwé pesthi”.

Sak banjuré menawa awak kabèh nduwé keyakinan mula babagan kembang iki iya nduwèni makna, tanpa dèn sadhari menawa kembang wus dadi tuladha nyata marang awak kabèh. Embuh iku amarga sinaring srengéngé, utawa sebab liyané ananging kang bisa di jupuk maknané -kembang bakalan munjuk mendhuwur, ngelingaké awak kabèh supayané ya padha munjuk marang Kang gawé urip iki- Iku mau kasunyatan banget menawa awak kabèh bisa tuwuh laku rasa lan pikir, déné “Rejeki iku ya amung Gusti Kang duwé pesthi”. Saéngga wus sak pantesé menawa rasa syukur nikmat iku dèn punjuk marang Kang Peparing Rejeki.

Kembang uga nduw
é titik tengah sing saka papan panggonan iku kabèh bakalan nemoni awal lan akhir. Thukul, megar, layu lan wusanané bakal nemoni pati. Kabèh sumber ya saka titik tengah iku mau. Saka sebab iku bisa dèn tarik paédah menawa “Pati iku ya amung Gusti kang nduwé pesthi”.

Saka  jinis wit-witan apa wa
é kembang iku asalé, kabèh kembang asring dihubungaké marang bab kang sarwa éndah. Mula kanthi kaéndahan uga kaékhlasan kembang bakalan lega-lila ngayahi jejibahan sak terusé.

Kanthi Palentin, muga-muga awak kab
èh isih diparingi rasa trésna saéngga tuwuh ganda arum kayadéné kembanging Gusti. Amién… [uth]



Berbagi adalah Peduli...