endi ndara endi kawula..? (nata praja)

endi ndara endi kawula..? (nata praja)

NYAWANG kahanan kanegaran kang lagi dèn adhepi ngéné kok ya sansaya suwé mung gawé mblenger. Para praja sajak sengkut cancut taliwanda anggoné temandang gaw sing alesané kanggo nglayani masyarakat. Embuh iku kang kasebut  Praja Executive, Praja Yudikative utawa Praja Legislative.

Katon  sèrius anggon ngrembug sawijiné babagan (Century) nganti kayadéné kekurangan wektu, lali wektu (uniné) saka  ésuk tumekaning soré uga wengi.

Ananging apa merga saking keselé njuk malah rembug mau dadi nggladrah ya….? Utawa pancèn wus sengaja di sètting nggladrah…? Ora kok èlèk ing panemu, lha kasunyatan malah sing ditontonaké marang para warga ya wong padha padudon jé…..  Ana piyayi sing ngendika bangsat uga ana sawijiné praja kang celathu pak ogah. Iku lagi ana ing tlatah Lègislative, durung ana ing Executive utawa ing Yudikative…. Embuh sing nglarang kebo mlaku-mlaku tekan kutha utawa praja kang nyambi dodolan permèn mèrk kontèn.   Kang kontèn iku mau pungkasané ya dadi bab kang dirumangsani dadi barang samparan lan sandungan tumrap Lurah Executive.

Bali manèh marang babagan nata praja.    Kaya-kaya sun dèn mangertèni nata praja iku ora amung angger wenang mréntah, apamanèh amung dampar ana ing palungguhan minangka panindak jejibahan kang nduwèki wewenang murba uga misésa kanthi sakabehing panguwasa. Nata ya saktemené bisa nampa lan ngreksa sakabèhé, babagan apik utawa babagan ala iku kudu dadi barang kang bisa nuwuhaké rasa kawicaksanan déné sakbanjuré kena kanggo gaman utamané njaga kautaman yaiku ”njaga praja”.

Kaya kang wus nate dak mangertèni saka seratané Kang Mohammad Sobary, déné kang diarani wicaksana iku ya piyayi kang bisa nggawé undhak-undhakan utawa tingkatan yèn kudu nampa uneg-uneg saka para warga. Mesthi wujud kabecikan, ananging kabecikan iku ya bertingkat, ora bisa diterapke marang sak-kabehing jalma iku kabecikan kang tingkatané padha. Lan manèh dadi pranata praja iku ora amung bisa utawa mampu ngatasi kahanan supayané dadi aman lan tentrem disawang saka gleger, dadi praja ya uga kudu bisa nyawang kahanan sak beneré sing diarani aman lan tentrem iku mau.  Ora ngandelaké andahané kang kasebut bala kemanan nanging ya wajib nampa kabèh kahanan keluwihan sarta bisa mengku kekurangan. Bisa dadi kanthong semar kang ora bakal mbabar sawijiné babagan wigati marang sembarang liyan, cukup dèn mangertèni piyambak.

Kejaba saka  iku, kabèh tindak-tanduk, suba-sita, lan tata cara wicara ya kudu dadi kaca-benggala marang awaké dhéwé. Luwih becik yèn mumpuni anggoné “mikul dhuwur mendhem jero”, kudu andhap-asor lan aja malah dadi kumalungkung.

Nata praja. Nata iku tegesé mernahaké utawa mernata supayané bisa dadi  tumata. Kahanan  pating blengkrah, pating slebar, utawa bosah-basèh liwat tangan para praja  malih dadi tumata.
Nata ora malah amung  dadi pangrèh praja, ananging uga among saéngga bisoa dadi pamong praja. Supaya dèn mangertèni uga kang diarani pamong ya ora amung bisa mréntah, ora amung dhawuh utawa dangu, duka utawa drana. Déné kang diarani tumandang gawé kanthi migunakaké spirit pamong yaiku dhèwèké kudu tansah bisa nindakaké jejibahan kaya déné sing wus diajaraké déning  Ki Hajar Dewantara liwat piwulangé: ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, lan tut wuri andayani. Sesanti kang ngemu teges ing ngarep paring conto, déné  ing tengah mbangun tekad utawa karep, lan yèn pas ana ing mburi ya kudu tansah nyengkuyung. Ora kok malah disèlèh  ana ing ngarep méngkal, sèlèh tengah midak, giliran nang mburi, nabrak-nabrak utawa nyruduk….

Miturut pamikiran kang kaya mangkono  para Pranata Praja kang luwih terkenal kasebut pemimpin kuduné ya migunakaké  kawicaksanan amrih kasil anggon mbinangun pribadi ing wusana ya kanggo nata praja lan uga njaga prajane dhéwé. Bisoa rumangsa dudu rumangsa bisa, lan nglembah manah kaya déné kawula marang Gustiné.

Menawa cara penggalihe para Pranata Praja wus kaya mengkono ora sélak menawa awak kabéh  ora bakalan bingung anggon nyawang lelakon.

Lha nanging yèn nyawang kahanan saiki tumrapku ya tetep isih gawé cuwaning ati lan mata jé, pitakoné endi sing awujud kawula, lan endi  kang kasebut ndara (Gusti). Bingung anggon mbédakaké endi abdi endi Gusti, endi jongos lan endi juragan….?  [uth]